Sejarah Kawitane :
Ana Wong JAWA lan
Wong KANUNG
dening : Mbah Guru
PETA ASLI JAWA
DWIPA
I. Jaman JAMAJUJA
(Puluhan ewu tahun kepungkur)
Dhek jaman semana
Pegunungan Kendheng kuwi wujude ana pegunungan 2 (loro):
1.Pegunungan
Kendheng Kidul, karan Pegunungan Kendheng tuwa.
2.Pegunungan
Kendheng Lor, karan Nusa Kendheng.
1. Pegunungan
Kendheng Kidul
Kuwi dununge wiwit
saka wetan Pegunungan Kabuh, Kabupaten Jombang,
mbanjeng mujur
mengulon tutug Pegunungan Masaran, Kabupaten Sragen.
Sabab saka anane
lindhu prakempa Gunung Lawu jaman sangang ewu tahun
kepungkur,
ndadekake Pegunungan Watujago bengkah omblah-omblah mujur
mengulon; wasana
dadi Lembah Ngawi kanggo dalan iline Bengawan Sala nrabas
menggok ngalor
tutug Cepu.
Sakdurunge ana
lindhu gedhe, Pegunungan Watujago tutug Pegunungan Masaran
kuwi dienggoni
menusa sing isih wuda mblejed, wujude kaya kethek-rangutan gedhe
pangane rupa
kewan: kodok, kadal, ula, cacing, jangkrik, walang, sarta woh-wohan:
mulwa, srikaya,
mete, dhuwet, popohan, nanas lan liya-liyane.
Kabeh mau mung
cukup ngapek utawa nyekel ning alas panggonane urip neng
kono. Panggonane
turu ning gowok sing dhuwur utawa pang-pang gedhe, durung
ana sing wani turu
ning guwa; sabab guwa-guwa kuwi mesthi dienggoni macan
gembong. Wong mau
yen mati bangkene diumbar ngenggon kono nuli ditinggal
lunga, wekasane
diothel-othel dipangan kewan galak; balunge pating kececer ning
kana-kana katut
banjire
Bengawan Sala
padha nyangrah ning mbereman Gemolong, Kalijambe, Kabupaten
Sragen, wasana
kurugan lumpur lan padhas linede Bengawan Sala, uga ana sing
tutug mbereman
Ngandong, Kabupaten Ngawi.
Wong pulo liya
sing wis padha duwe tata-budaya, olehi ngarani wong ngono mau
aran Wong Legena.
Uga ana sing ngarani Gandaruwo. Ana maneh sing
ngarani Kethek
Limuri.
2. Pegunungan
Kendheng Lor
Pegunungan
Kendheng Lor (Nusa Kendheng) watara limang ewu taun kepungkur
wis dienggoni wong
sing luwih maju tinimbang wong Legena, wong-wong mau wis
bisa gegaweyan
gaman-watu diasah landhep. Nusa Kendheng kuwi nalika semana
isih wujud Pulo
gedhe cawang telu kang kinilung Teluk Lodhan lan Segara; ing sisih
wetan ngongkang
Telok Lodhan lan Segara Kening. Sisih kidul keledan Segara
Selat
Kendheng-Kidul lan Segara Teluk Lusi. Sisih kulon Segara Teluk Serang kang
tepuk karo Segara
Selat Murya. Sisih lor Teluk Juwana lan Samodra Jawa kang
jembar
lerab-lerab. Gunung Murya isih wujud gunung geni dhuwur-ngukusan,
dikilung segara.
Nusa Kendheng kuwi
ora duwe tanah ngare lembah banthak tadhah udan kang
ngembong banyu;
wujude mung pegunungan alelengkeh jurang lan gompeng; ing
sawetara gompeng
ana guwa-guwane padhas sing jembare mung sarompok teba.
Neng bumi Nusa
Kendheng kono kuwi ora ana thethukulan pari lan jumawud, sing
ana mung
jalinthing, canthel, lan jagung-kodhok kang thukul subur neng lelowah
sing ngembes; wohe
dadi pangane kethek, bethet lan bantheng. Ning alas kono
lebeng wite: jati,
trenggulun, sawo-kecik, mete, klethuk, lan mulwa.
Gisike-pesisir
nggenggeng wit: krambil, bogor (tal), jambe. Pesisire sing wujud rawa-
embet klethukulan:
rembulung, bongaow, sarta brayo kang nrecel riyel. Ning punthuk
pegenengan sing
dhuwur-dhuwur ketel suket-kalanjana lan alang-alang sing
dienggoni
grombolane bantheng. Bantheng wadon aran Jawi. Sing gemati banget
(jawa banget) ning
pedhet-pedhete. Ing wayah bengi jawi-jawi mau yen padha turu
padha kupeng adu
bokong karo jawi-Jawi liyane ngilung pedhet-pedhete. Dene
bantheng-lanang
sing mbenguk padha kekiter njaga grombolane, aja nganti
dimunasika
kewan-galak.
Maaf untuk
menghemat halaman blog ini kelanjutannya saya masukan dalam
spoiler
Nalika semana
Pegunungan Kendheng Lor kuwi wis didunungi menusa wong asli
pribumi kono.
Dedege endhek pawakane cilik, kulite nembaga. Kauripane isih wlaha
lugu deles,
nanging wis nduwe kemajuwan. Tatabudaya gegaweyan; sandhangane
rupa cawed saka
lulup waru diperut-alus dienam, utawa lulang kewan diucel nganti
lemes. Uripe
sagotrah manggon ning guwa-guwa padhas mau, kekancan karo asu-
gladag sakirike
sing wis padha kawong lulud melu manggon cedhak guwa kono.
Bocah-bocah cilik
karo kirik kerep padha gojeg kekuwelan nanging nyakote ora
tenanan, mung
padha ngos-ngosan pating krenggos. Panguripane wong-wong mau
saka kekrapa,
nyelog, memed, lan mbebedag-ajag. Gamane rupa payal, panah,
bedhor, sing
digawe saka watu-jae kempling diasah mlingir landhep banget. Yen luru
pangan asu-asu
kuwi mesthi melu kekinthil utawa jejigar sesanderan ngoyak kewan
nuronan, uga sok
melu nyelog ndukiri palapendhem-alasan.
Oleh-olehane
pangan digawa mulih dirantengi mung dikoprok thok, yen wis mateng
nuli dioser-oseri
awu rencek-sangkrah segara dadine mbanjur krasa asin; nuli
dipangan
kepyah-kepyah sabrayate uga asu-asu sakirike padha melu mangan
bebarengan. Genine
entuke saka wit kang kobong disamber bledheg, pang-pang
garing ana genine
mengangah merga gesekan karo pang-pang liyane ing mangsa
ketiga-ngangkang.
Geni kuwi digawe totor marong rina-wengi ning sacedhake guwa
kono; yen bengi
ngiras digawe memedeni kewan galak supaya ora wani nyedhaki
guwa kono;
kawuwuhan kewan-kewan galak kuwi padha giris dijegogi asu-gladhak
sepirang-pirang
swarane mawurahan rame.
Yen pinuju padhang
rembulan wong-wong mau padha seneng-seneng ning sak
njabane guwa, pada
jejogedan lan gegandhangan sarta keplok-keplok lan anyul-
anyul cangkeme
mecucu kaya cupu, tunggak-tunggak utawa kayu sing ngglonthong
dithuthuki digawe
tetabuhan. Wong asli dhek jaman JAMAJUJA sing uripe isih sarwa
deles prasaja
wlaha ngono mau diarani Wong Suku Lingga.
SIGEG
II. Jaman
KUNA-MAKUNA
(Sadurunge Tahun
Masehi, Nabi Isa el masih durung miyos)
Wong Nusa
Bruney-kidul sing manggon ning saurute pesisire Teluk Sampit sarta
neng tepis kiwa
tengene Bengawan Sampit-hilir, ing sawijining wektu ketrajang
pageblug-gedhe.
Jare wong-wong Sampit kuwi padha digrowoti Setan Blarutan-
sogrok weteng;
nganti akeh banget wong-wong sing padha mati, luwih-luwih bocah
cilik sing isih
demolan. Wong-wong sing isih urip padha miris banget, nuli padha
ngungsi minggat
ngumbara lelayaran mengidul nyabrang samodra Bruney; tumuju
ning Nusa
Kendheng. Setan Blarutan ora wani nyabrang samodra nututi wong-wong
ngungsi mau, jare
wedi kesiku Bathari Hwa Ruh Na, ratune Jim-Samodra.
Mangkate wong-wong
ning Nusa Kendheng dipangarsani dening Kie Seng Dhang,
sawijining wong
tuwa Sampit sing wegig lan akeh pengalamane, wong sing
jangklanglana ning
manca negara. Sawise lelayar sepuluh dina sepuluh wengi, ing
wayah pajar
bang-bang-wetan katon regemenge Gunung Nusa Kendheng (saiki
Gunung Ngargapura
Lasem); gisik sawetane Ngargapura katon sesawangan
(pemandhangan,
saiki dadi desa Pandhangan) kang ngresepake pandulu. Puncake
Gunung Ngargapura
katon ampak-ampak memplak, langit resik ngalela warnane
biru-lasuardi;
ombak agilir-gilir lindhuk nyempyok gisik pesisir sawetane
Ngargapura.Yaaa
neng bumi kono kuwi wiwite wong-wong Sampit padha ndarat
cakalbakal dadi
bangsa-anyar, aran Wong Jawa.
Let sapenginang
(wong-wong wadon Sampit padha seneng nginang nglenthusi woh
jambe sing isih
enom, arane Mucang), prau-prau mau wis padha mepet gisik (palwa-
palwa = palwangan.
Plawangan, saiki dadi desa Plawangan), para Pandhega
mbuwang dandhan
padha ndokok (menaruk-naruk, saiki dadi desa Narukan) praune
jejer-jejer urut
gisik mbanjeng mengidul. Nenek-nenek padha ndisiki mudhun saka
prau kanthi
mbuwang susure tepes-jambe ning segara, minangka sarat mbuwang
sebel saka
negarane. Nyi Seng Dhang nguculi udhete ngrogoh cepuk isi lemah-lebu
saka bumi Sampit,
disawurake ning gisike bumi Ngarga Kendheng; nuli sembahyang
sujud sumungkem
Pretiwi lan tumenga Angkasa. Wong-wong wadon liyane padha
melu sembahyang
bebarengan, ing pamuji: “Muga-muga sagotrah krandahe sing
padha neneka kuwi
padha entuka Kabekjan lan Karahayon pindhah tetruka ning
bumi kono, tulusa
trah-tumerah turun-tumurun bebranahan nganti pirang-pirang
jaman dadi
bangsa-anyar neng Nusa Kendheng.”
Wong-wong lanang
nuli padha nusul munggah dharatan luru papan panggonan sing
nyangkleg ning
Tuk, kanthi enthuk pituduh lan pangeguh saka kakek Kie Seng
Dhang sing lakune
wis sempoyongan astane digandheng putune Putri-kinasih umur
12 tahun; praupane
ayu pindha golek-kencana, asmane Nie Rah Kie.
Kakek Kie Seng
Dhang mlaku nusup-nusup ning alas bebondhotan, sawise oleh
papan kang cocog
lan gathuk nuli prentah ning kabeh krandahe diutus mbubak
grumbul nebang
kekayon digawe teba. Putri Nie Rah Kie weruh kembang warnane
putih-memplak
anjrah nedhenge medem uga ana sing isih kundhup gandane amrik-
wangi, wite pating
grembel ngoyod ning gompeng. Sang putri kesengsem banget
nuli matur ning
Eyange. “Besuk yen wis duwe omah lan karasan arep nandur
kembang sing
warnane putih ngresepake banget ngono kuwi.” Kembang mau
dijenengke kembang
Melathi dening Sang Putri.
Watara patang sasi
alas kuwi wis dadi papan-pomahan lan pekarangan; nalika kuwi
tepak mangsa Labuh
wayahe boros padha trubus, uler jati padha dadi ungker, woh-
wohan padha
medhohi, palapendhem akeh sing isih bentet; ndadekake wong-wong
seneng ayem ngrasa
ora kekurangan pangan.
Minangka kanggo
mengeti asal-usule Kie Seng Dhang kuwi saka desa Tanjung-
matalayur sawetane
Teluk Sampit bumi Nusa Bruney pesisir kidul, mula punjere
desa cakal bakal
sing didunungi Kie Seng Dhang sagotrah-krandahe mbanjur
dijengke desa
Tanjungputri (saiki dadi desa Tanjungsari, Kecamatan Pandhangan/
Kragan Kabupaten
Rembang).
Sawise dadi
karas-pekarangan lan pomahan, ing sawijining dina wong-wong mau
padha ngumpul ning
Balepaguyuban Tanjungputri, perlu ngrembug Tatapranata lan
Tataraharjane desa
disesepuhi kakek Kie Seng Dhang. Giliging gawe putusan:
1. Ngangkat Kie
Seng Dhang diwisudha dadi Sesepuh lan Dhatu Tanjungputri ing
salawase Urip,
mrenata bumi Pegunungan lan Pesisire Ngargapura, wiwit
Pandhangan tutug
teluk Lodhan sing gisike wujud Wedhi-malela. Teluk kuwi
nggenggeng alase
wit Pung kang ketel sirung, ing sisih wetan ana bregade wit
Pung-gedhe banget
cacahe ana telu (=Sam, saiki dadi desa Sampung).
2. Bumi
Nusa-Kendheng diganti aran: Tanah Jawi, nulad arane Bantheng-wadon
(jenenge: Jawi)
sing dikramatake dening wong Lingga.
3. Awake dhewe
kuwi wis ora aran wong Sampit maneh, ngganti aran; wong Jawa,
Nulad watake
bantheng-wadhon kang jawa-banget (=gemati, ngerti, wigati) mring
pedhet-pedhete.
(Bumine aran: Tanah Jawi, menusane aran: Wong Jawa).
4. Wong-wong kuwi
nuli menehi tetenger Tahun, wiwite dadi Wong Jawa, diarani
(Tahun Jawa
Hwuning: 1 = 230 tahun sakdurunge tahun Masehi); sarta digawekake
Lambang-Reca
watu-item gedhene sak-menusa, pethane Kie Seng Dhang ndodhok
ning Pongol
sawetane Gunung Tunggul. Para tetuwa diwajibake nganggo kalung
rambute dewe
ditampar, lan diwenehi mendhel/ gandhul singg digawe saka Watu-
jae wilis gedhene
sajenthik-manis; memper recane Kie Seng Dhang.
Wong-wong mau
padha Prasetya-Suci
• Wong Jawa
turun-temurun tutug Jaman apa wae tetep padha ngrungkepi
Tatapercayaan-Suci
Hwuning, naluri saka leluhur Nusa Bruney bangsa Chaow
(=inggatan=ngumbara)
saka Nusa-Hainan; jaman Jamajuja 3000 taun kepungkur
(1000 taun
sakdurunge Nabi Isa el Masih miyos). Guru-guru Agung bawana Masriki
uga durung miyos
neng Alam-ndonya, yakuwi: 1. Laow Tze Tao, 2. Hud Tze
Buddha, 3. Kong
Tze Khonghucu. Wondene asal-usule bangsa Chaow sing kawitan
kuwi wong saka
negara China, tepise bengawan Yang Tze Kiang udhik diapit
Pegunungan Kwen
Lun lan Pegunungan Tang La, Propinsi Ching Wai. Wong-wong
mau sumebar
mengidul ning bumi Tiongkok-Kidul (Nalika 4000 taun
kepungkur=2000
taun sakdurunge taun Masehi), ngliwati sakidule Pegunungan Yun
Lin. Ngliwati
Propinsi Yunan, Propinsi Kwang Sie, Propinsi Kwang Tung. Nuli
nyabrang segara
munggah dharatan Nusa-Heinan, sabanjure nuli nyabrang mlebu
Nusa-Bruney;
sumebar anjrah dadi banbgsa-anyar suku Dhayak rupa-rupa jenenge
manut arane
Bengawan-bengawan kono (Barito: Maanyan-siung. Kayan:
Apokayan, Kenya.
Segah: Segal. Maham. Punan. Sampit). Sawise dadi wong
Dhayak Sampit nuli
ngumbara maneh nyabrang samodra ngancik Nusa-Kendheng,
malih ngganti
aran: Bangsa Jawa.
• Ing mbesuk
Wong-wong Jawa neng Negara ngendi wae tansah padha nguri-uri
ngagungake
Ke-Jawane, lan mekarake Senibudaya Jawa.
• Wong Jawa sing
nyingkur/nyepele ke-Jawa-ne bakal dadi wong Jawa-jawal sing ora
nduwe Dhangkel lan
Oyod-lajer. Uripe tansah Nglindur lan Mbangkong nganti
ngaya
ngayal-andupara, nguber kaendahane Jodhog-layung ing wayah surup
Sandyakala.
Kakek Kie Seng
Dhang ngasta pemrentahan Banjar (=desa gedhe) Tanjungputri
genep 30 taun,
yoswa 90 taun wis wiwit loyo lan ngrasa wegah; pamrentahan nuli
dipasrahake Putri
Nie Rah Kie kanthi diwakili garwane yakuwi: Bandhol Hang Lhe
Lesy kepala Pelaut
pesisir Pandhangan sapengidul. Bareng Putri Nie Rah Kie nyekel
pangwasa Banjar Tanjungputri,
bandhol Hang Lhe Lesy nggawe pranatan
Pemrentahan: Sang
Putri Nie Rah Kie dikeker dipingit sajrone Tamansari Kedhaton,
ora ana wong
lanang sing kena meruhi ragane (praupan lan blegere) Sang Putri;
kejaba garwane lan
putra-putrine sarta para Emban.
Undhang-undhang
pranatan Pemrentahan didhawuhake saka Kaputren kedhaton
Tanjungputri Kraga
(=ngeker raga=kerraga=keraga; saiki dadi Kragan) liwat Emban-
keparak; nuli
diterusake ning Nayakapraja-priya.Sawise Kie Seng Dhang seda
layone ditunu, awu
layone dikubur sacedhake Tuk/ sumberan lan didodoki tetenger
watu mecongol
diayomi wit Wringin-Brahmastana. Minangka Leluhur (=Dhanhyang)
sing cakalbakal
desa kono, mula asmane Kie Seng Dhang dipepundhi Trah tedhak
turune lan
kawula-rakyate; panjenengane minangka Dhanhyang Pundhen kanthi
dipengeti tembung
“Tuk” ning kabeh desa diganti tembung Sendhang. Ngapek saka
tembung Seng Dhang
(Yakuwi: Sendhangmulya, Sendhangwaru, Sendanggayam,
lan liya-liyane).
Reliqe (200 taun
durung Masehi) dirawati dipepetri Trah tedhak turune digawa ning
negara liya digawe
tumbal dipendhem ning Taman Pundhen Agung. Wong-wong
Tanjungputri yen
mati layone ditunu ning gisik Pandhangan, awu-layone dilarung
dikelemake ning
segara. Asmane suwargi Putri Nie Rah Kie disungging dening
tukang Patung
wujud Reca-emas didokok ning candhi gunung Tunggul.
Pamrentahan Kraga
Tanjungputri klakon madeg nganti pirang-pirang turunan ora
ana sambekala,
saben ganti Pemimpin mesthi milih Putri kang Witjaksana trah-
tedhak turune
Putri Nie Rah Kie; lan uga ngeker-raga ning Taman Kedhaton
Tanjungputri.
Wong-wong Jawa Kraga kuwi uripe wis padha seneng-ayem, sebab
padha cepak
rejekine sembada sandang pangan lan bale-pomahane, sarta pada
tetep ngrungkebi
ngluhurake Tata Budidaya Suci Jawa Hwuning.
SIGEG
Nalika jamane
wong-wong Sampit ngumbara ngungsi pindhah ning bumi Nusa
Kendheng
Ngargapura, iwak Pesut (=iwak Lodhan Bengawan Sampit sing lulut karo
Menusa) akeh sing
padha melu atut pindah ngumbara; amnggon ning segara Teluk
sakidul wetane
Gunung Ngargapura, sing wasana Teluk mau mbanjur karan dadi
Teluk Lodhan.
Nalika jaman semana gisike Teluk Lodhan mau sepi mamring tidhem-
premanem durung
kejamah menusa; sing manggon bumi Teluk kono mau mung
sarupane
mauk-segara lan manuk-alas; sarta penyu lan bulus sing arep padha
ngendog. Kadhang
kala ana Jawi (=bantheng wadon) alas-kono, karo pedhete pada
dhede klekaran
ning pawedhen ngangetake awak; lawas-lawas Jawi karo iwak
Lodhan kuwi padha
kawong bisa urip rukun ning gisik kono.
Babon iwak Lodhan
yen arep manak saben dina nyrondholi nyurungi ganggeng-
sangu sing tuwuh
anjrah pating krembyah ning segara Teluk kono diunggahake ning
gisik;
ganggeng-sangu ning ngumbruk ning kono nuli dipangan Jawi sing nedhenge
lagi nyusoni pedhete,
ndadekake awake krasa seger susune mangkah-mangkah.
Bareng babon Pesut
krasa arep nglairake nuli nglangi mlumah sarta ngambang,
Duplonge (=bayi
Pesut) lahiir krogal-krogel ambegan nyerot hawa tumumpang ning
wetenge biyunge;
Dhuplong kuwi sawise bisa nglangi nuli munggah gisik kanthi
gampang ora
kesrimpet sangu sing pating krembyah; duplong kuwi arep dhedhe
ngangetake awak.
Bareng mambu
gandane susu Jawi nuli krogal-krogel marani babon Jawi sing lagi
nglekar nuli
ndesel-ndesel ngenyut susu sing mangkah-mangkah kuwi. Babon Jawi
ora kaget mandar
aring sarta ndilati Dhuplong sing isih gupak banyu ari-ari; sanalika
pedhet Jawi mandar
nggeblas lunga lan gebres-gebres sabab mambu gandane ari-
ari dhuplong, nuli
nyingkir marani sangu nyengguti pupuse sing isih enom-enom.
Bareng si Dhuplong
wis wareg nggone nyusu nuli kosal-kosel marani biyunge sing
isih nunggoni ning
banyunan segara.
Pesut sing padha
bebarengan ngumbara ngalih manggon Telok Lodhan kono mau
sasuwene 130 taun,
wis padha nak-kumanak tangkar-tumangkar uripe padha jenak-
aring kumpul kambi
kewan rupa-rupa ning teluk kono. Karo wong Kraga Tanjungputri
sing pinuju ning
segara, pesut-pesut mau mandar isih wani nyedhak sarta lulut
nyrondol-nyrondol.
Wong Jawa Kraga
yen luru pangan ora gelem nglanjak tutug Teluk Lodhan sing
dienggoni Pesut
lan Bantheng sing padha urip rukun mengkono mau, apa maneh
ngganggu utawa
mateni kewan loro kuwi; wong Jawa mandar sirik lan wedi banget
ning
pamanti-wantine Dhanhyang luluhur: “Anak-putu Kraga aja nganti sing
munasika Pesut lan
Jawi kuwi, apa maneh nganti mateni.” Wong jawa tedhak turune
wong Sampit mau
sasuwene 130 taun uga wis padha bebranahan sumebar
sepegunungan
Ngargapura, dedunung gegobrolan-gegrombolan sagotrah-krandahe.
Nalika semana wong
Jawa mau wis padha ingon-ingon wedhus-kacangan entuke
saka mbasangi
cempe-alasan, diipuk-ipuk digemateni dicancang ning cagak amben,
kumpul sajromah
karo menusa. Bareng wis dadi wedhus bisa lulud nganti nak-
kumanak
bebranahan, wedhus-wedhus kuwi dikandhangi ning karasan dikilung
bethek sarta
dicepaki rambanan; rina wengi dijaga asu-gladhak sing wis pomah lan
mendara. Wong-wong
pomahan nggone nduwe pikiran ngingu wedhus ngono kuwi,
perlune yen nduwe
gawe butuh masak daging kanggo lawuh-nyomok ora ndadak
nunggu dhisik ajag
kewan ning alas. Asu-gladhak sing wis ewonan taun urip kumpul
karo menusa dijak
ajag, njaga omah njaga rumangkang lan rewang gawe liyane
mandar mung
diumbar turu ning latar ngringkel utawa ning emper-gandhok.
Sasuwene wong Jawa
lan iwak-Lodhan (Pesut-pesut) kuwi dedunung neng bumi
Ngargapura wis 130
taun (Taun Jawa-Hwuning wis taun 130 = Tahun Masehi
durung ana), wektu
kuwi ana wong neneka pindhahan saka Nusa Tempabesi
ndharat ning Tanah
Jawi pongol Lodhan segara kening, bebadra bubak bumi alas
Pung cikalbakal
nggawe desa urut pesisir sawetane Teluk Lodhan; desa mau karan
desa Sampung. Wong
neneka kuwi wis akeh sing pinter nggawe prau-gedhe,
cekung dhasare
awak-prau lan anthok-cocoke sing digawe saka kayu-pung sing
kuwat krendhem
banyu asing (Ing jaman saiki tedhak-turune wong-wong mau padha
dadi wong ahli
nggawe prau ing Desa Bulu, Kecamatan Bulu, kabupaten Tuban).
Liya kuwi
wong-wong mau uga pinter nenukang maneka-warna; dadi Undhagi
tukang kayu,
Pandhe tukang wesi, Gemblak tukang kuningan, Sayang tukang
temnbaga, Kundhi
tukang grabah lan Jlagra tukang umpak-watu sakane omah; tata-
pakaryane
wong-wong mau aran Kabudayan Sampung.
Kanggo njembarake
papan panggonane, wong-wong mau padha nekad ngrambah
alas nglanjak bumi
Teluk Lodhan. Wong saka Nusa Tempabesi kuwi
Kapercayan/Agamane
ngadhep-manembah ning Dewa Srengenge/Geni, dewa
Samodra/Banyu,
dewa Angkasa/Angin, dewa Bumi/Naga Ijo.
Wong-wong kuwi ora
sirik mangan daging Bantheng lan iwak Pesut; nggone
nglanjak bumi
Lodhan kuwi mandar ngrasa luwih kebeneran sabab bisa mbebedag-
ajag lan misaya
iwak kanthi sakatoge. Kang mengkono mau ndadekake kewan-
kewan kang biyene
padha urip tentrem aring malih dadi kobrak giris kesid; temahan
padha minggat
sumebar saparan-paran. Pesut lan Bantheng mau padha minggat
sumebar mengidul
nyabrang segara tumuju ning bumi Nusa Kendheng Kidul, sing
alase isih lebeng
ketel gung liwang-liwung durung dijamah menusa; segarane cethek
ombake lindhuk
akeh iwake cilik-cilik maneka warna, ndadekake jenake Pesut-pesut
mau gampang oleh
pangan.
Grombolane
Bantheng liyane ana sing terus ngumbara ngidul-ngetan nyabrang
segara
Supitan-Kamput, nuli terus munggah ning alas-alas gerotan Pegunungan
Brahma-Mahameru
sapengetan tutug alas gerotan Pegunungan Raung (Saurute
Bengawan Brantas
dhek Jaman-Jamajuja isih wujud Segara-selat kang ngilung
Gunung Kawi,
kamput, Ajar-smara, lan Penanggungan.
Desa Sampung
sawise madeg 75 taun ngalami kertaharja, wonge padha berag-
berag omahe
panggungan bebanjengan saurute pesisir, praune mangkal jejer-jejer
mengulon tutug
Teluk Lodhan. Sasuwene 75 taun kuwi wong-wong Sampung mau
wis akeh sing
padha sambung srawung karo wong Kraga-Tanjungputri, mandar wis
akeh sing padha
campur jodhon sesilangan. Kabisane gegaweyan wong Sampung
padha ditulad
wong-wong Kraga. Sabalike Kapercayan-suci Hwuning lan Kabudayan
wong Jawa
Kraga-Tanjungputri padha ditulad wong Sampung, sebab ragade
Upacara-Hwuning
luwih entheng lan irid; ilmune luwih blag-blagan Kanyatan
gampang.
Beda karo
Agama-kapercayaane wong Sampung kang sarwa andupara khayal,
ilmune rumit ruwed
pujamantrane dawa ngalur-alur ndrememel ngeselake; ragade
Tata-Upacara akeh
bange, sajene ngambrah-ambrah. Kang mengkono mau
ndadekake
wong-wong Sampung padha bosen, wekasane mbanjur malih seneng
ngalih ganti
ngrungkepi kapercayan-suci Hwuning, cawuh luluh karo kabudayan
Jawa Kraga
Tanjungputri; mandar mbanjur gemang ngakoni aran wong Sampung-
Tempabesi maneh,
malih ngaku dadi wong Jawa-Sampung.
Ing taun Jawa
Hwuning 205, wong-wong Jawa-Sampung wis akeh sing padha misah
maneh, bebadra
sumebar ngidul-ngetan butuh panggonan sing luwih subur loh
jinawi ning bumi
Nusa Mahameru; srana nyabrang Segara-supitan Kamput kang
jembar lerab-lerab
wiwit Teluk-Popoh mengalor; mberemane Segara-supitan dadi
rawa bening lan
rawa Gesikan terus mengalor ngliwati Tulungagung, Kedhiri lan
Kertasana; tutug
Megaluh (Jombang) tumlaweng menggok ngetan ngliwati Plosso
tutug Teluk-Tarik
anjog segara Medunten. Bumi Nusa Mahameru sapengetan tutug
Pegunungan Raung
mau diganti aran dijenengake Nusa Jawa-Pegon, wonge uga
karan wong
Jawa-Pegon.
Ing taun
Jawa-Hwuning 205 kuwi wong Jawa Kraga sakwise Pitung-turunan (Anak,
putu, buyut,
canggah, wareng, udheg-udheg, gantung, siwur) wiwit saka Putri Nie
Rah Kie, cacah
jiwane wong kono mau wis dadi akeh banget; mandar omahe wong
Pandhangan tutug
Narukan wis jejel riyel. Mulane wong-wong mau banjur padha
misah tertruka
ning bumi sengkaning-gunung saurute Pegunungan Ngargapura kang
lelowahe subur
banget kethukulan pring-ori dhedapuran bunge nrecel riyel. Ring
ilen-ilen banyu
kang muleg-muleg selane watu-watu akeh iwake-jambrung pating
sriwed nyisili
lumute watu.
Semono uga
wong-wong Trah-tedhake Putri Nie Rah Kie krandhan gisik uga melu
pindhah bebadra;
sarehne wis kulina urip ning bumi Belahan mula gemang melu
tertruka ning bumi
sengkaning-gunung, milih panggonan sing nyangkleg segara
yakuwi ning
perenge Gunung Ngargapurasing sisih lor (Kecamatan Sluke) kang
ngungkurake juran
jero lan rungkud; desa kuwi disenengake: Terahan (Trah =
tedhake Putri Nie
Rah Kie). Bumi sing banthak wujud gisik mawa Teluk kanggo
mangkal prau-prau
manca sing padha mampir arep ngapek banyu omben, mbanjur
katelah aran desa
Pangkalan.
Wanita Terahan lan
Pangkalan kuwi misuwur akeh sing manis-ayu, sarta isih padha
nerusake naluri
Adatcarane Wanita Leluhure ing Tanjungputri; wanita-wanita mau
padha seneng
nandur wis kembang Melathi kembange kanggo ngrengga raga yen
dhong nekani
Pahargyan, yakuwi nganggo cundhuk Melathi-sisir nyisip nglaweng
ning gelungan,
sesumping Melathi-ronyok, kalung ronce gegombyok kembang
Kanthil; dene
pedinane saben rampung reresik-awak mesthi cundhukan kembang
Melathi kuwi.
Tumrap wong-wong Priya kanggo renggan Omcen-oncen Surengpati
dikalungake ning
mendahake Keris. Yen pinuju dina Suci kanggo sawur-nyadran
ning kubure
Sembok-Semak, uga ning Pundhen-Leluhur Nyai Dhanhyang/Kaki
Dhanhyang sing
cakalbakal desa; disajeni ubarampe sajen sapepake lan karangan
kembang Melathi
sarta kutug dupa pratus-wangi.
Tutug jaman-saiki
para Wanita Wirya Wicaksana sing rumasa isih Trah-tedhak
Tanjungputri
senajan dedunung ning negara kana-kana, senajan sauwit-wong uwit
para Wanita mau
isih merlokake nandur kembang Melathi; utawa ngrengga sarira
ngagem kembang
kang ngresepake-ati kuwi. Minagka sarat ngluhurake drajad, sarta
mengeti memundhi
asmane Putri Leluhure, yakuwi Putri Nie Rah Kie, Dattsu Dewi
Sibah, sarta
Maharani Bre Lasem I Dewi Indu Purnamawulan; lan Putri-puri Kriyan
putra Eyang Mpu
Guru Pr. Santibadra. (Suwargi putri Cempa Bie Nang Tie lan putri
Malokhah uga
sengsem melu ngagem kembang Melathi kuwi). Uga Raden Adjeng
Kartini.
SIGEG
III. Jaman
KUNA-KOBRA
(Ing taun
Jawa-Hwuning: 230 Masehi: 1)
Kacarita ing
sawijining bengi nalikane wong-wong Pambelah Pandhangan lagi
padha jejagongan
ning gisik kang ngilak-ilak, padha omong-omong nyatur. Kawitane
nggone ndarat
Leluhure ning gisik bumi Pandhangan kono kuwi dietung-etung wis
ana 10 = sepuluh
turunan.
Ketitik neng
blandar-tongciet dalem Pedhanyangan Tanjungputri ana toletan-enjet
230 dulit (=1
dulit = pendhak Labuh = 1 taun); toletan kuwi minangka papeling
nggone ndarat
Leluhure lawase wis ana 230 pendhak mangsa labuh (=230 taun).
Nggone ngetung 10
tutunan kuwi wiwit saka Dhanhyang Kie Seng Dhang. Nalika
padha jejagongan
kuwi dumadakan wong-wong mau padha kaget sebab weruh
Kaelokan: Ning
langit tencebing cakrawala sisih lor-kulon ana sorote Lintang-
kemukus nglandeng
sumorod ngidul-ngetan, ngliwati sandhuwure segara Jawa lan
segara Kening.
Wayah esuke
wong-wong padha umyeg nyatur wahanane Lintang-kemukus mau;
ana wong sing
nyarawidekake ning Nujum sing waskitha, wedhar wasitane: “Neng
Bawana negara
Maghribi rajane lagi nglumpukake Kawulane mlebu ning kutha, perlu
diwilang
cacah-jiwane. Ana kang sejodho, sing lanang pagaweyane tukang-undhagi;
sing wadon lagi
ngandheg tuwa, wong mau ora keduman pondhokan mung entuk
panggonan kandhang
wedhus pinggir desa. Dumadakan ning kandhang kono wong
wadon mau mbabarake
jabang-bayi lanang; wecane Sang Nujum: “Besuk jabang-
bayi kuwi yen wis
diwasa bakal dadi Raja Binanthara-nyakrawati, nanging ora
kagungan Keraton
ora tau pinarak dhampar-kencana, ora kagungan prajurit kang
asikep gegaman
perang; nelukake musuh ora kanthi merangi lan milara, mung
kanthi Perbawa
(Ambek asih pari-tesnane). Gesange ora kagungan Wibawa
(Kamulyan sugih
rajabrana), mung nyandhang sapala kandhang langit kemul mega
ngumbara ndlajah
desa milangkori, medhar Wasita “Begja Rahayu”. Wong-wong
Pambelah mengeng
nggagas wahanane weca sing aneh banget ngono kuwi. Let
seminggu sawise
wong-wong Kraga padha weruh Kaelokan ngono mau, wong
Sampung akeh sing
padha ngimpi; rumangsane akeh iwak Pesut-Lodhan lan
Bantheng padha
ngamuk liwung ngrusak Banjar Sampung ngebrukake omah lan
nguber-uber wong
padha dipateni.
Ora gantalan dina
sawijining bengi angler-anglere wong padha turu dumadakan ana
prahara gedhe;
angin sindhung-riwut segara Jawa lan segara kening kaya dilebur,
alun gedhe
gumulung nglanjak dharatan lan Teluk Lodhan; perenge Gunung Ngarga
sisih wetan padha
longsor. Thukule prahara gedhe ngono kuwi sabab Gunung
Agung Sengkapura
njeblug (Ing taun Jawa-Hwuning 230 = Masehi 1). Pulo Baweyan
Sengkapura sirna
separo, mblabare blegedaba muncrate lumpur-panas lan watu-
watu mengangah
kontal ning angkasa, sarta udan awu sumebar tutug ngendi-ngendi
ngurugi Segara
Jawa. Teluk Lodhan malih dadi dharatan Kragan, Sarang, Sedhan
(Kabupaten
Rembang). Segara Kening malih dadi dharatan Pesisir Lor Kabupaten
Tuban. Ing sisih
kidul nyisa mberemake kali-gedhe (Bengawan Solo) wiwit Kradenan
ngglendheng
mengalor tutug Cepu, nuli mbelok mengetan dadi bengawan Kethek;
mbanjur amber dadi
rawa Widhang tutug bumi-embet Pangkah/ Sidayu, iline muntah
ning
Segara-supitan Medunten.
In taun Masehi: 50
dharatan tilase Segara mau wis malih dadi alas-bebondhotan
kaselanan
palakirna warna-warna. Wong-wong Tanjungputri salore Ngargapura
wiwit padha wani
lan seneng bebadra bubak desa ning Pesisir-lor Segara kening,
sing bumine
sela-selane watu-gamping tutug tepise segara padha ngetuk, mbrubul
banyune tawa
bening nyarong. Bumi bubakan mau dijenengake, desa Mituk (Saiki
dadi desa Beti =
Bektiharjo).
Ing taun Masehi:
100, desa Mituk kuwi wis dadi Banjar gedhe mbanjeng mengalor
ngliwati bumi pagenengan
sing lemahe warna Kuning semu Abang; sarehne wis
dadi Banjar gedhe
tur nyangkleg segara, para Pambelah/ Nelayan nggawe plabuhan
ning pesisire;
plabuhan kuwi dadi bantarane para Pelaut/ Pedagang saka manca
negara, padha
gancol sarupane barang-kebutuhan bisa tinemu ning pasar Mituk
kono. Misuwure
ning negara-manca, banjar kuwi ora diarani banjar Mituk, nanging
diarani banjar:
Sitijenar. Wong-wong saka Tanjungputri Jawa-Hwuning kang cacah
jiwane luwih akeh,
padha saeka-praya ngangkat sawijining wong Wegig Wiled Trah-
tedhak
Tanjungputri, asmane Hang Tsu Hwan, diwisudha dadi Dhatu (kepala Adat)
banjar Sitijenar.
Nalika pamisudhan dikepkyakake, Dhatu Hang Tsu Hwan
ngundhangake ning
para Sumewa; papan Pasawuwan-agung mau didadekake
punjere kutha
Sitijenar, dijenengake Kutha Begja-Agung (ucape umum salah-kaprah
ngarani Bejagung).
In taun masehi:
107, Dhatu Hang Tsu Hwan wis bisa ngirup Banjar-banjar pesisir-lor
tanah Jawa, kutha
Begja-Agung nuli didadekake punjer Pangesuhe banjar-banjar
mau; dijenengake
Negara Jawa Purwa. Wiwit jaman pamrentahan Hang Tsu Hwan
wong-wong Nusa
Jawa-Pegon kuwi wis akeh sing padha nggrancol ning Banjar
Sitijenar,
pangesthine Nusa Jawa-Pegon kuwi supaya luluh dadi siji karo negarane
Dhatu Hang Tsu
Hwan (Nggone ngarani ngaub pangwasane Dhatu Hang Tu-Ban =
pamrentah Tuban.
SIGEG.
IV. Jaman
JAWA-DWIPA
(JAWA-Pegon lan
JAWA-Purwa)
Ing taun Masehi:
110, bumi Jawa-Pegon kuwi dihoregake Lindhu prakempa
marambah-rambah
asale saka Gunung Kamput; gunung kang ngongkang Segara-
supitan Kamput
padha horeg ngengkrog-engkrog sora banget, bregad-gedhe pada
rungkat rubuh
pating slayah; perenge gunung-gunung pada longsor nglongsori
Segara-supitan
Kamput. Liya dina kawuwuhan Gunung Kamput njeblug ngetokake
blegedaba
bulah-bulah mawalikan mblabar ning Segara-supitan; udan awu sumebar
tutug ngendi-endi.
Wong-wong Sitijenar nyawang langit peteng kaya kesaput
mendhung ngendhanu
ngono kuwi padha miris banget, ora ana wani metu saka
ngomah sabab
bledug-awu ngampak-ampak mlepegi napas, godhong gedhang
padha sengkleh
kabotan awu nemplek nglapis lumahe.
Bareng wis klakon
setaun kaanan sing mengkono mau wis sirep tidhem, Segara-
supitan Kamput katon
malih dadi ciyut kali sapralimane, ganti wujud dadi bengawan
ambane bisa
disabrangi nganggo gethek-gedebog; wong-wong menehi aran: Kali
Brantas (Nalika
Taun Masehi: 111).
Wong-wong Nusa
pegon sangsaya wuwuh adrenge nggone nedya manunggalake
negarane karo
negara Jawa-Purwa, mula nuli padha usul ning Dhatu Hang Tsu
Hwan. Saka
kawicaksanane Sang Dhatu pamonthane wong-wong kuwi enggal
dileksanani,
kanthi disekseni wong-wong saka negara liya, Gembleng cawuh
manunggale negara
Jawa-Pegon karo Jawa Purwa (P = (aksara Jawa) = loro)
dijenengake: Nusa
Jawa-Dwipa. Nalika taun Masehi 115.
In taun Masehi:
385, wong-wong banjar Terahan sing cacah jiwane wis padhet,
padha lunga misah
bebadra cakalbakal ning bumi Argasoka, yakuwi perenge
Gunung Ngargapura
sing sisih kulon; papane ngongkang Segara-teluk, sing sisih lor
kadhangan Punthuk
Ngendhen, Kecamatan Lasem. Segara-teluk kuwi mbanjeng
mengetan nuli
mbelok mengidul urut perenge Pegunungan Argasoka, ning pepereng
pegunungan kono
kuwi akeh wite Pucang lan Resula blukange warnane kuning-
gadhing tuwuh
nggenggeng ledhung-ledhung. Saka bumi bubakan kono yen
nyawang mengulon
katon Pulo Maura dikilung segara, pulo kuwi wujud gunung-
gedhe masung
pucake mawa kawah-geni ngetokake kukus kumebul nglandeng ning
langit; ing sisih
kidule katon benggang karo pegunungan Sukalila-Prawata keledan
Segara supitan
Maura. Wong-wong bebadra kuwi dipangarsani kanoman umur 35
taun asmane Hang
Sam Badra, sawijining Klana kang adoh tebane ning Sabrang lan
Negara kana-kana.
Mula kuwi dening wong-wong bebadra mau mbanjur ngangkat
dheweke diwisudha
dadi Dhatu ning kono; bumi cakalbakal kuwi katelah aran
Pucangsula (Saiki
tilase dadi desa Logadhing-Sriamba, Kecamatan Lasem). Sawise
desa kono madeg 15
taun malih dadi Banjar-gedhe sebab akeh wong neneka saka
negara Sabrang
melu bebadra ning kono; wong-wong manca mau sawise kumpul
srawung karo wong
Pucangsula, temahan padha malih ganti seneng ngrungkepi
Kapercayan-Suci
Hwuning lan Budibudaya Jawa, wekasane mbanjur luluh dadi
wong Jawa-Dwipa.
Wiwit bebadra dadi
Wong Jawa ning Tanjungputri ing taun Jawa-Hwuning: 1 nganti
bebranahan mencar
sumebar sepegunungan Kendheng Ngargapura suwene wis
617 taun, durung
ana wong Wegig gong Wicaksana mulangake medhar Larasing
Kapercayan-suci
Hwuning. Wong-wong nggone ngrungkepi ngedhep/ manembah
Hyang Tata Maha
Das kuwi yaa mung atut-grubyug kaprah lumrahe wong akeh
padha krukunan
nindakake Tatacara susilatama lan setya ning Negara. Lagi jaman
madege banjar
Pucangsula kuwi Kapercayan-suci Hwuning bisa dingerteni/diwikani
dilelaras
dening para Wegig,
para Pandhita; saka leladi pangastutine Panembahan Guru
Dhatu hang Sam
Badra kang merlokake nyambi mulang para Kasepuhan Kanung
(=sengkaning
gunung); ing taun Masehi: 387, manggon ning Pasraman punthuk
Punggur Gunung
Tapa’an (Desa Warugunung, Kecamatan Pancur, Kabupaten
Rembang).
Ing taun Masehi:
390, Dhatu Hang Sam Bandra nggawe plabuhan lan galangan-prau
(=dhak-palwa) ning
Sunglon Bugel utowo Gunung Bugel (Tilase saiki dadi pategalan
lan kali aran
Palwadhak; sakidule desa Tulis, Kecamatan Lasem). Prau-prau kuwi
kanggo sesambungan
Pemrentahan Pucangsula karo Banjar-banjar wilayahe
saurute pesisir
Jawa (Pantura), wiwit banjar-Losari teluk-Tanjung (Kabupaten
Brebes), mengetan
tutug banjar-Rabwan (Kabupaten Batang) lan Banjar-Tugu
(Kabupaten
Semarang), nuli banjar Purwata lan banjar-Tanjungmaja (Kabupaten
Kudus), gisike
pulo Maura sisih wetan yakuwi banjar-Tayu lan banjar-Blengon
(Kecamatan Kelet,
Kabupaten Jepara). Plabuan Pucangsula dumunung saelore
galangan prau
digawekake Gapura madhep mengulon ngadhepake Segara-teluk
Kendheng (Saiki
dadi desa Gepura) saka gapura kono digawekake ratan ndladag
urut urut perenge
Pegunungan Argasoka tutug punjere kutha Pucangsula.
Pangwasane Dhatu
Hang Sam Badra dibantu Putra-putrine isih kenya yoswa 22
taun, rupane ayu
banget pindha Widadari Wilutama; asmane Dewi Sie Bah Ha
(=Sibah); sang
Dewi ngasta pangwasa Angkatan Laut Segara Jawa-Dwipa kanthi
kekuwatan
Kapal-perang sing prajurite dumadi saka wong-wong kang kenthug kuwat
lan pinter ulah
kridhane perang, kanthi sikeb gegaman kang ampuh mawa racun-
aneh; negara liya
ora ana sing duwe lan ara ana sing bisa nggawe. Sang Dewi melu
nylirani lelayaran
ning samodra kanthi nitih Kapal-gedhe kang mligi dinayakani
prajurit Wanita
sing wanter lan kendel, uga sikeb gegaman kang mawa racun wujud
Tulup-paser sing
bisa nylorod adoh; sarta patrem-Tubrem yen disawatake musuh
lamun mlesed,
patrem mau bisa munyer bali maneh niba sacedhake sing nyawatake
(Kaya bumerang).
Wondene juru-mudhine sarta tukang welahe Kapal-kaputren mau
wong lanang kang
kuwat lan bandhol, nanging dipilih wong sing Peloh lan wis ilang
prasa-Asmarane.
Mula negara manca mau padha wedi lan sungkan ning Dewe
Sibah lan negara
Pucangsula.
Sang Dewi nggone
ngwasani segara Jawa-Dwipa kanthi nggunakake kapal-perang
kuwi perlu nganggo
nglabrag nyirnakake Bajag-bajag kang gumendhung lan
kumendel sing mung
nggunakake prau-prau knothing sarta gaman pedhang lan
clengkreng, dumeh
praune bisa cukat rikat kanggo ngoyak prau-prau dagang
memangsane utawa
ndarat mrawasa Desa.
Bajag-bajag sing
nggawe werid rengkede Segara-supitan Medunten kuwi wekasane
sirna
sa-Benggol-benggole lan sasudhunge. Wasana pesisir Segara Jawa-Pegon
sisih wetan mau
dadi tidhem lerem, banjar-banjar bisa bali madeg kanthi tata-
tentrem sarta bisa
sesambungan karo Pemrentahan Pucangsula.
Putri Sibah
saliyane nyirnakake Bajag-bajag, merlokake narik Upeti ning kapal-kapal
dagang kang liwat
segara Jawa; isine kapal sing rupa beras lan pari sarta sembet-
tenun cita-sutra
uga gaman-pertukangan, ditarik upeti sapra-limane; sing gemang
mbayar mesthi
dilabrag ditelukake kapale dibeskup. Nakodha kapal sing rupane
bagus utawa
penumpang sing bagus mesthi ditawan dilebokake kamar-kamar
Kaputren.
Kawegigan lan Kaprawirane wong-wong bagus mau didadar dening Sang
Dewi; yen bisa
lulus pendadarane sarta bisa ngalahake kasektene Dewi Sibah rila
dadi jatukramane.
Sabalike yen kawitan didadar Kawegigan wis ora lulus, wong
tawanan kuwi nuli
diwetokake saka kamar pendadaran dipasrahake Nayaka-wanita
kapal Kaputren;
mangsa borong digawe apa kono. Ora nganti sesasi neng kamar-
tawanan pangwasane
Nayaka wanita mau, awake wong-bagus tawanan kuwi malih
rusak ora kuwat ngglawat;
wekasane nuli dijegurake samodra dadi mangsane iwak
Undhuk-undhuk-gedhe
kang rakus banget. Misuwure jare digawe sajen Ratune Jim
Dhuyung-jaran,
sing nguwasani Samodra Jawa-Purwa. Mula kuwi kapal dagang sing
liwat segara Jawa
gamang nggunakake Nakodha sing bagus rupane; dene wong
bagus penumpang
sing wani nekad mati-mati yen wis ngerti rasane ngalami
nyatane, yaa
sumangga mangsa borong!!! Asmane Dewi Sibah nganti kaloka ning
negara Sabrang
kana-kana, sang Dewi nganti diparabi: Mani Dattsu Asva Dev,
tegese Mustjikane
Dewi-bajag Dhuyung-jaran.
Wong-wong tanah
Jawa wiwit jaman Kuna-makuna mula sing mung kulina mangan
sega-jagung,
sega-canthel, lan rupa-rupa palapendhem, sawise ngenal Pari lan
mangan Sega-beras
olehe narik upeti saka wong dagang negara Siyem lan Cempa
lembah Bengawan
Mekong, sang Dewi Sibah nuli mrentahake lan nyontoni wong-
wong wadon
Pucangsula diajak wiwit nandur pari lan adang sega-beras (wiwit taun
Masehi 396), wiwi
jaman kuwi wong-wong Jawa padha nganggep Dewi Sibah kuwi
titise Widadari-pangan
utawa Dewine Pari, iya Mbok Dewi Sri (Wong Sunda ngarani:
Sang Hyang Seri).
Uga ing sajrone taun 396 kuwi, ing sawijining dina kapale Dattsu
Dewi Sibah dhog
mangkal ning gisike Nusa Jawa-Dwipa bontos kulon wates gisike
Negara liya bontos
wetan, dumadakan ana wong bagus isih enom menganggo ciri
Rsi marani kapale
sang Dewi; wong kuwi nuli ditakoni Nayaka kapal Kaputren:
“Ana wigati apa?
Asmane sapa? Saka ngendi pinangkane?”
Jawabe Rsi bagus:
“Perlu arep nunut
ning Nusa Jawa-Dwipa, nedya mulang nyebar Agama Hindhu
Shiwa. Asma: Rsi
Agastya Kumbayani. Asal saka negara Menak, krajan Idriya-
Satwamayu.”
Sang Rsi ditampa
diwenehi panggonan ning senthong-tamu Kapal Kaputren; sawise
kapal-kapale
Dattsu Dewi Sibah mancal bali ning Nusa Jawa, Rsi Agastya nuli
didadar Kawegigan
sakehing ilmu dening Sang Dewi; sajroning telung dina bisa
lulus. Nuli ganti
didadar Kasektene lan Kaprawirane perang, jebule Sri Dattsu sing
mandar kasoran
nganti lemes daya kakuwatane; saking ngrasa wirang Dewi Sibah
munthab bramantya
mawinga-winga, nuli ngunus Curiga-racun kang bisa nggawe
pati kanggo
mungkasi pendadaran.
Sapandurat
Dattsu-ayu nyawang praupan baguse sang Rsi netrane sing mulem-
tajem, polatane
tetep sumeh jatmika ora nggragap ora miris nyawang landhepe
curiga; uga ora
males bramantya sumringah ngangah-angah, mandar sorote netrane
kang aliyep-asmara
nrawung nembus jantunge Sang dewi; ndadekake panone Sang
Dewi sumrepet
peteng kantaka, raga lemes niba ning jrambah palagan; curiga
gogrog uwal saka
astane. Sang Rsi trengginas nyaut Sang dewi dibopong
disarekake ning
tilamrum; bareng Sri Dattsu punggun-punggun wungu marlupa,
Sang Rsi nglelipur
ngrerapu sarta nyepat-domba nagih janji sayembarane, nanging
dileksanani yen
wis tutug dalem kedhaton Pucangsula disekseni Rama-Ibu sarta
para kadang
kadeyan kawula-dasih.
Para Kenya Nayaka
kapal kaputren padha rerasan ngungun banget, adat saben lagi
telung dina wae
wong Bagus-tawanan wis mesthi diwetokake dipasrahake ning
Nayaka Putri;
nanging wektu kuwi nganti pitung-dina pitung-bengi tawanan Rsi
Bagus kuwi kok ora
diwetok-wetokake; weruh-weruh jebul kapale wis padha labuh
ning Pucangsula,
Sang Dewi Dattsu wis runtung-runtung sekalihan karo Rsi Agastya
tumuju ning
Kedhaton dipethuk Rama Ibune. Dhatu Hang Sambadra sakulawargane
padha
mengayu-bagya karenan ing galih, dene Sang Putri wis entuk calok jatukrama
isih enom bagus
rupane tur sembada sakabehane. Pahargyan palakraman let telung
dina nuli
dikepyakake. Sang Rsi cumondhok kumpul Maratuwa nganti rong taun,
mandar Dewi Sibah
lagi karo-tengah pendhak wis ngemban mutra kakung, diparingi
asma: Arya
Asvendra. Rsi Agastya nggone arep mulangake Agama Hindhu Shiwa
Maha-Dewa nedya
diterusake dhasar Maratuwane maringi panggonan ning bumi
Rabwan tutug
Batur. Nanging sawise klebon ilmu Kapramanan Jawa-Hwuning saka
Maratuwa lan saka
Garwane, pikire arep mulangake Agama Hidhu Shiwa Maha-
Dewa malih luntur;
nedya diganti mulangake Agama Hindhu Shiwa Guru-Dewa,
mikani
Dhiri-pribadi lan jantraning dumadi; sarta pangastuti bekti ning Sembok-
Semak.
In taun: 412
Masehi ana Klana Sramana Agama Buddha asama: Pha Hie Yen
lelayar saka
Nalandha India, nedya bali mulih ning Tsang-An (Tiongkok);
dumadakan lagi
tutug Samodra Jawa-Dwipa ana angin topan gedhe, praune nuli
mangkal ning
plabuhan Pucangsula nyuwun tulung lereb ning kono sasuwene angin
prahara durung
sirep; Sramana Hwesio Pha Hie Yen ditampa disesuba dening
Dhatu Hang
Sambadra, saben dina diajak wawan-sabda bab rupa-rupa
pengalamane Sang
Hwesio nggone lelana ning manca-negara. Hwesio Pha Hie yen
nyritakake
Piwulange Sang Guru Agung Sidharta Buddha Gotama, yakuwi: Sranane
bisa manjing
Nirwana supaya medhot blenggune kadonyan; kanthi liwat laku kang
aran: Astha Arya
Marga, tegese Laku Agung Wolu. Piwulang kuwi mirib Kapercayan-
suci Jawa-Hwuning
kang dirungkepi dening Pendhita-pendhita siswane Dhatu Hang
Sambadra wong saka
sengkaning-gunung, yakuwi: Sranane bisa nggayuh
Katentreman supaya
medhot Pangangsa-Pepenginan; kanthi liwat laku kang aran:
Endriya pra Astha,
tegese Tumemen ning Budipakarti Wolu. Mula Dhatu Hang
Sambadra karo
rayine Pandhita Jana-Bandra sayuk banget nggathukake intisarine
piwulange Sang
Buddha kuwi cawuh-luluh karo larase Kapramanan Jawa-Hwuning.
Ing taun Masehi:
415, Dhatu Hang Sambadra seleh kedhaton, pemrentahan
Pucangsula
dipasrahake Dewi Sibah diwisudha ditetepake dadi Dattsu-agung
(=Prabu-putri).
Rsi Agastya dadi Kepala banjar Rabwan lan banjar Batur tutug
Pegunungan Dieng,
kebawah negara Pucangsula, uga adhike Dewi Sibah asma:
Dewi Sie Mah Ha
(=Simah), kang dadi Adipati-anom Medhangkamulaan teluk Lusi
(kabupaten Blora)
diwisudha diangkat dadi Dattsu, dipindah ning banjae-gedhe
Blengoh didadekake
Keraton keling (Arane woh-bogor wadon sing wis tuwa-alot, yen
isih enom diarani
Siwalan). Saiki tilase dadi ara-ara Keratonan desa Blengoh,
Kecamatan Keled,
Kabupaten Jepara. Pangwasane Dattsu Simah diwarangkani
kakunge aasma:
hang Saburadhampuawang Segara Teluk Kendheng lan samodra
Jawa. Sarta
diemong diayomi Rama-paman Bhikku Buddha Kanung Janabadra ing
Pasraman Tunahan.
Nalika Dewi Sibah wis jumeneng dadi Dattsu Pucangsula, sang
Dewi yasa
Udhang-undhang tata Budibudaya Jawa Hwuning ditetepake dadi
Pranatane negara
Pucangsula; saben sesasi sepisan diwulangke ning para Pandhita
sengkaning-gunung
Kendheng Ngargapura, manggon ning Kedhaton Pucangsula.
Undhang-undhang
kuwi dijenengake: Endrya pra Astha, ngrungkepi piwulange
Ramane nggone nggawe
jeneng Ilmu kuwi (Undhang-undhang ditetepake ing taun
Masehi: 416). Para
Pandhita para Kasepuhan nerusake mulangake Ilmu-pranatan
mau ning para
Siswane, sumrambah wong-wong kang maju-pikirane ning desa
sengkaning-gunung.
Ing pemburi taun-taun sabanjure wong-wong kang padha
ngrungkebi nyeceb
Ilmu Endriya pra Astha kuwi kasebut aran Wong Kanung. Isine
Undhang-undhang
pranatan kuwi ana 8 (wolung) bab:
Unen-unen Pranatan
yakuwi :
• Tunemen nyambut
gawe ngudi rejeki kanggo murakabi Brayate, lan ora srei drengki
kemeren ning
liyan.
• Nyembah
mundhi-bekti ning wong tuwane-sakloron; sambat nyebut: Adhuh
Sembooooook, Gusti
kula! (=Sembok kuwi wong sing bagus atine sa-ndonya),
Adhuh Semaaaaaak,
Pangeran kula! (=Semak/Bapak kuwi pangengerane wong
sagotrah anak-bojone).
• Ngleluri mundhi
Pundhen Nyai-Dhanhyang Kaki-Dhanhyang sing cakalbakal
desane. Sarta emoh
nganggu Manuk-manuk sing padha manggon ning bregat
Pundhen, utawa
ning bregat-bregat liyane kana-kana.
• Sayuk rukun karo
tangga-teparo lan sadulure, bebarengan gotong-royong ing wulan
Purnama Badrapada;
bresih desa, ratan, sendhang, karas pekarangan; sarta
memetri nguri
Bregat (=September).
• Mangastuti
rembugan nggathukake pinemu, kanggo pituduh mbangun majune
Desane, lan njaga
kaamanane.
• Nguri-uri
ngluhurake Budipakarti Seni-Budaya Jawa.
• Mikani ning Bumi
dununge kabeh Titah kasinungan Sang Urip kang Maha Esa,
mikani ning Langit
dununge/ manunggale Urip Agung Sang Nyawa kang Maha Das.
Wong mati ragane
dadi Mayit lebur ing Bumi, Jiwane dadi Yitma nunggal ning
Langit.
• Setya pranatane
Negara lan Sabda wasitane Sesepuh Agung Manggala Praja.
Eyang Dhatu Hang
Sambadra sawise misudha Putra-putrine nuli nilar praja dadi
Sramana dhedhepok
ning punggur Gunung Tapa’an, lan mulangake Ilmu
Tatapranatan
Endrya pra Astha ning para Siswa Wong-wong Kanung. Pasraman
Gunung Tapa’an
kono digawekake Tamansari tinanduran kembang-kembang
maneka-warna:
Mlathi, Kanthil, Gadhing, Kenanga, Mawar, Pacar-kuku, Kemuning,
Gambir. Neng kono
akeh Bregat ngrembuyung edhum, padha dienggoni nusuh
manuk-manuk
rupa-rupa; pakange bregat kethukulan: Aggrek, simbar lan kece
pating grembel.
Tarulata padha mrambat pepuletan pating klewer, kembange
selang-seling
putih biru, jambon lan wungu. Taman-sari kuwi dijenengake: Taman
Argasoka; para
cantrik, cekel, manguyu padha surti gambyak ngrawati Taman-sari
kuwi.
Eyang Panembahan
Hang Sambadra dadi Sramana ning Gunung Tapa’an kono
tutug sepuh, seda
ing taun Masehi: 425. Awu layone dipetak (dikubur) dadi sakluwat
karo Reliqe Eyang
Dhanhyang Kie Seng Dhang ning satengahe punggur Pudhen
Tapa’an; ditengeri
Watu-alam tilas pamujane Nini Ampu, watu kuwi nongol sa-
ndhuwure gumuk
Pundhen. Sawise Eyang Panembahan seda, negara Pucangsula
akeh owah-owahan
wiwit ing taun Masehi: 426.
1. Dattsu-Agung
Dewi Sibah ngangkat putra Arya Asvendra dadi Dhatu-anom
Pucangsula,
manggon ning bumi Gebang sunglon Bugel. Arya Asvendra ngrungkepi
Agama Hindu Kanung
Shiwa Guru Dewa wulangane Ramane, ning punthuk Gebang
dheweke nggawe:
• Pamujan,
Lingga-Yoni nglambangke bakti-tresnane ning Sembok-Semake (Ibu-
Ramane).
• Pamujan
Lembu-Nandhi ndepok, nglambangake Tatakan kekuwatane Kawula-
rakyate.
• Pamujan reca
Dewa Shiwa Guru Dewa, nglambangake Ramane: Rsi Agastya kuwi
Guru-Agung Ilmu
Kaprajan lan Kasekten-mandraguna.
• Pamujan reca
Ganapati Dewane Kawicaksanan putrane Bathara Guru,
nglambangake:
Slirane dhewe kuwi putrane Guru Rsi Agastya.
2. Angkatan Laut
Pucangsula dipindhah ning negara Keling dikwasakake Dewi
Simah, dibantu
garwa hang Sabura; nanging isih kebawah negara Pucangsula.
3. Rsi Agastya
diwisudha diunggahake dadi Dhatu Batur, punjere banjar didadekake
kutha aran:
Batur-retna. Banjar Rabwan dadi Plabuhane negara Baturetna.Let
sawetara taun
wong-wong Endrya-Satvamayu krungu warta yen Rsi Agastya
jumeneng Dhatu
ning negara Baturretna, wong-wong mau banjur akeh kang padha
nusul pindhah
bebadra ning bumi Dieng kang subur digawe ulah petanen. Wong-
wong kang ora dadi
tani, diprentahake nyambut gawe ngumpulake wlirang saka
peperenge kawah
Dieng; wlirange kanggo pedagangan negara Baturretna
diganjolake
barang-barang petukangan lan kain sutra karo Pedagang saka negara
China, liwat
plabuhan banjar Rabwan. Negara Baturretna bareng dadi gedhe lan
makmur, Dhatu Rsi
Agastya nuli mrentahake tukang-tukang ahli pahat batu wong-
wong saka
Endrya-Satvamayu, diutus nggawe Candhi sepirang-pirang; saben
candhi mawa reca
Shiwa Bathara Guru; dununge candhi ning bumi punggur Gunung
Dieng. Saben
candhi kanggo Pamujane Sramana Shiwa Guru saka Pasraman kana-
kana wilayahe
negara Baturretna. Kaendahan lan kaelokane Pasraman Dieng kang
akeh banget
candhine Shiwa Guru Dewa, kang kinilung tlaga lan gunung-gunung
sesawangane
ngresepake ati. Para Sramana menehi jeneng: Pasraman-agung
Endrya pra-Astha.
4. Dattsu-agung
Dewi Sibah nayogyani ning kaipe Hang Sabura nedya ngedhuk
wlirang ning bumi
leluwah sawetane Gunung Dieng, sarta nggawe desa ning saelore
Kejajar kanggo
panggonane wong-wong kang padha nyambut gawe ngedhuk
wlirang mau.
Wlirang kuwi uga diganjolake karo Pedagang saka negara China.
Pengangkutane
wlirang digawekake dalan liwat: Jlumprit, Adireja, Candhirata,
Sukareja, mengetan
ning Singaraja nuli nganti diemot prau liwat bengawan Bodri.
Sungabane
bengawan-Bodri ning teluk Bodri segara Jawa digawe plabuhan dagang
kang sesambungan
dagang karo negara Sabrang kana-kana; papane Teluk Bodri
kuwi diapit-apit
Punthuk-punthuk gunung Singaraja, kaanane luwih sembada omber
banget nyenengake
tinimbang plabuhan banjar Rabwan. Mula pedagang wlirang
kliwat plabuhan
Bodri kuwi malih luwih reja lan maju.
Saka anane
sesambungan dagang wlirang karo negara-negara China, negara loro:
Keling lan
Baturretna kuwi malih dadi sugih lan makmur. Nanging mbanjur nukulake
kamurkan, sii lan
sijine rebut nguwasani: “Kriwikan dadi Grojogan”. Wekasane dadi
perang bandawala.
Ing taun Masehi: 436. Sarehne Kawula-rakyat sing dijak bebadra
biyen nganti dadi
negara Keling lan Baturretna kuwi, asal-usule sedulur wong
Kanung Indriya pra
Astha Pucangsula, mula peperangan kuwi katelah aran: Perang
sedulur Endriya
pra Astha.
Ing sajrone perang
brubuh Rsi Agastya gugur ning palagan, wong-wong Baturretna
saprajurite padha
giris buyar mlayu mulih asal-negarane ning Endriya Satvamayu.
Kutha Baturretna
lan Pasraman Candhi Dieng sarta penambangan wlirang dijegi
prajurit Keling
kang padha makuwon ning Adireja, pangwasane Dhatu Rsi Agastya
dadi cures ganti
dikwasani Hang Sabura panglima Angkatan laut keling. Arya
Asvendra krungu
yen ramane gugur sarta negarane dikwasani paman-Hang Sabura,
sakala pikire
kobar nedya ngrebut negarane swargi-Ramane kang dadi hak-
warisane.
Sedyane Arya
Asvendra wis dipenggak Ibu Dattsu Pandhita Dewi Sibah, nanging
meksa nglimpe
Ibune; dheweke mbudalake prajurit Sandi liwat alas Rabwan lan
Bawang nusup
mengidul nedya ngrebut Pasraman-agung Dieng dhisik, lan
panggonan-panggonan
wlirang. Tiba apese Arya Asvendra, lagi bisa nrobos beteng-
pungkuran Candhi
dheweke wis kena tulup-paser mawa racun saka Prajurit-seluman
Keling kang padha
njaga Candhi. Wasana Arya Asvendra gugur ngrungkepi
sangarepe Candhi
Sumbadra pamujane Sramana saka Pucangsula, prajurite Arya
Asvendra kang
perang ning alas-gedhe Rabwan akeh kang padha gugur; mayite
pating glethak
saenggon-enggon ning alas kono ora ana sing ngrawat, yitmane
klambrangan dadi
memedi Setan-Roban.
Sebab saka anane
perang sedulur kuwi, Dattsu–agung Dewi Sibah ngrasa angles
ing panggalih;
ewuh aya ing pambudi. Arep ngrewangi negara Baturretna ateges
nataki garwa Rsi
Agastya. Arep ngrewangi negara Keling ateges nataki sedulur-
adhik Dattsu Dewi
Simah. Mula puntoning panggalih mbanjur nilar praja lumengser
mertapa ning
Pasraman Taman Argasoka Gunung Tapa’an, pemrentahan
Pucangsula
dipasrahake Pepatih; kang didhawuhi ora kena nyampuri urusane
Perang-sedulur.
Dewi Sibah seda ing nalika taun Masehi: 445, awu-layon dikubur
ning Pundhen
Gunung Tapa’an.
SIGEG
V. Gunung-Gunung
JAWA-PURWA padha njeblug
In tahun Masehi:
450, Gunung Dieng njeblug; Candhi Pasraman-agung Endriya pra
Astha rusak
korat-karit, para Sramana sing isih slamet padha ngungsi sumebar
saparan-paran
ngumpul ning pertapan-pertapane Wong agama Hindhu-Kanung,
yakuwi wong Agama
Hindhu kang muja nggawe pamujan Lingga-Yoni sarta Lembu
Nandhi ning
Pertapan-pertapan sakubenge Pegunungan Gemawang (Kecamatan
Jumo, Kabupaten
Temanggung).
Ing taun Masehi:
470, Gunung Ungaran nusul njeblug kawahe sing sisih wetan jebrol
nyisa dadi
kawah-mati Rawa Pening. Bledegaba bulah-bulah gumulung gedhe
blabar
ngalor-ngetan mlebu segara Jawa, gumulunge alun nyempyok gompenge
Pegunungan
Kendheng-kidul, dadi pada longsor ngurug segara Teluk Lusi lan
segara Jawa;
wasana mbanjur dadi dharatan Kabupaten Purwadadi, Kabupaten
semarang, Kabupaten
Demak, Kecamatan gajah. Nyisa mberemane kali
Tanggulangin sing
banyune wutah ning sunglon Welahan (Biyen desa kuwi isih
ngongkan segara
Jawa). Banyu tuk saka sela-selane gompengane Kendheng-kidul
kuwi padha
nglumpuk dadi kali: Jlagung Tuntang, Serang, Lusi lan Bengawan
Juwana/ Silugangga
(=Jratun Seluna).
Kawahe Gunung
Ungaran sing wis matigenine ngembos-embos njedhul ngalor
mengetan ning
satengah-tengahe dharatan tilase segara Teluk Lusi; geni mau rina-
wengi murub
gumrebet manther-anther ora ana pegote dadi Mrapen (Api-Abadi),
ning desa
Mintheng, Kecamatan Gubug, Kabupaten Purwadadi.
Manut dongeng
Legenda: geni Mrapen kuwi tilas besalene Empu Ramadi Dewa
tukang gawe keris;
sawijining dina dheweke dijak ranjen para Dewa perlu ngethok
puncake Gunung
Maha Meru kang tansah dipeneki Kethek-kethek padha dolanan
uthik-uthik
lintang; Empu Ramadi ugik, merga lagi nggawe keris-pusaka Kahyangan
Suralaya. Wasana
dadi perangrame Dewa-dewa padha ngrubut Empu Ramadi sa-
besalene diurug
lemah kedhukane Gunung Maha Meru. Sarehne Empu Ramadi
sekti tan kena
ning pati, senajan wis diurugi lemah saka puncake gunung,
ewosamana tetep
isih urip sagenine besalen kang dadi geni Mrapen tutug wektu iki.
Bledegabane kawah
Ungaran sing wis sirep ngembos-embos njebrot wujud endhut
manget-manget
ngemu uyah, bola bali mlembung sa-kebo mbanjur mbledhos
kumeluk ngganda
wlirang; rina-wengi nyuwara Bledhag-bledhug. Linede mblabar
ngamblah-amblah
nganti salapangan-alun-alun, banyune lined dialap wong-wong
desa Kuwu,
Kecamatan Kuwu/Wirasari, Kabupaten Purwadadi/Grobogan; digodhog
digawe uyah
diarani uyah bledhug Kuwu.
Ing taun Masehi:
471, Gunung Maura (Murya) uga njeblug pegunungane sing sisih
kidul-wetan pedhot
misah dadi Gunung Pati Ayam. Lambene kawah sing jebrol
blegedabane
mblabar mengidul ngurug Segara supitan Maura, mbajur malih dadi
dharatan Kudus,
Pati, Juana; nyisa wujud rawa-rawa gedhe wilayah Undhak’an lan
bengawan
Silugangga.
Blagedeba sing
mbludag mengetan nukulake alun omak gedhe nglanjak nyempyok
gompenge
Pegunungan Ngargapura tumlaweng mengulon tutug Kayen; gumulung
baline ombak-gedhe
nyered perenge gunung-gunung gompenge padha longsor
ngurug segara
Teluk-Kendheng, wasana malih dadi tanah ngare: Kayen, Jakenan,
kaliori, Rembang,
Sulang, lasem lan pamotan. Longsoran perenge Gunung
Ngargapura sing
sisih kulon ngesuk bumi Argasoka, lemahe malik numpleg ngurug
desa-desa tegal
pesawahan Pucangsula padha kependhem. (Saiki malih dadi desa:
Ngendhen,
Lagadhing, Sendangsari, Topar, Klindon, Warugunung).
Kraton Pucangsula
Endriya pra Astha kesered gumulung baline alun, sakehing
wewangunan, omah,
candhi, kedhaton, lan liya-liyane keblebeg ambles satengahe
Ceruk segara Teluk
Juwana; wasana padha sirna ludhes kakubur ning dhasare
segara. Mung nyisa
pundhen Tapa’an kubur awu layone Kakek-moyang
panembahan Kanung,
leluhure wong-wong Ngargapura Lasem; lan guwa-guwa tilas
pertapaan, sarta
sawetara reca Lembu nandhi, Ganapati, Lingga; uga grewalan-
pecahan
Altar-pamujan sisa tilas gempurane VOC kerja-paksa nggawe ratan-gedhe
Daendelsstraat
nalika tahun Masehi: 1809-1810.
Sabanjure bumi
Argasoka dadi pusa ora ana sing ngenggoni, wekasane dadi
grumbul
bebondhotan rungkud sirung; kawuwuhan disirik wong dikhandhakake jare:
Kuwi lemah
singit-sangar panggonane Setan Brahala Dhemit. Wong-wong Kanung
sing manggon
Ceriwik lan pegunungan Sindawaya isih padha slamet, sing giris
padha ngungsi ning
perenge Gunung Buthak Pamotan sapengulon tutug wetan
Todhanan; wong-wong
mau ning bumi kono malih ganti aran Wong Kanor. Sing
manggon Todhanan
sapengulon tutug Sukolilo, Kabupaten Pati sarta pulo-pulo
Rawa desa Kuthuk,
Galiran, Kaliyasa, Ngelo, Karangrawa; malih ganti aran Wong
Sikeb (=wong
Samin). Wong-wong suku Kanung, Kanor, Sikeb mau sanajan wis
ngalih ning
kana-kana lan ganti arane Suku, nanging Adat-tatacara Budipakarti
Kanung isih tetep
dirungkepi naluri leluhur Pucangsula Endriya pra Astha. Yen
didhawuhi
Pamrentah-Negara mlebu Agama apa wae iya ora suwala mung manut
kersane sing
mrentah. Nanging tumindake ya mung angger: Rubuh-gedhang, obor-
blarak = ora tulus
suwe mlebu ning nalare.
Sawise 149 taun
saka penjebluge Gunung Murya, owahe segara Teluk Serang lan
Selat Maura kang
malih dadi dharatan, isih nyisa segara Selat Welahan lan Rawa-
gedhe Bengawan
Silugangga, sarta Teluk Juwana; ngilung Gunung Maura. Bumi
dharatan anyar
perenge Gunung Murya sing sisih kidul mau, luwih saka satus taun
wis dadi alas
pejaten kang ngongkang Rawa-gedhe selat Murya. Ing taun Masehi:
620, bumi kono
kuwi wis dienggoni wong bebadra saka negara Keling Dattsu Dewi
Simah, wong
Pegunungan Ngargapura, lan wong Pegunungan Sukalila. Ana
kanoman gegedhug
A.L. Keling kang isih Trah-darah turun kaping enem saka Hang
Sabura/ Dewi
Simah, asmane: Hang Anggana; dheweke ngajak wong-wong Pelaut
negara Keling lan
Petani pokol sing bebadra mau, dijak mbubak alas pejaten
nggawe desa lan
plabuhan sing gisike nggenggeng karangkitri rupa-rupa, bareng
wis dadi desa
karan: Getas-Pejaten, plabuhane karan: Tanjungkarang.
VI. Kawitane
dumadine negara KUDUS
Ing taun Masehi:
645, sebab saka wuwuh rejane banjar Getaspejaten, Dhatu Hang
Anggana nuli
ngelar panggonan kuwi mekar mengalor sarta yasa punjere kutha
nganggo asmane
dhewekke katelah aran Rananggana (Rana + Anggana = Hang
Anggana bandhol
paprangan). Saiki aran kutha: Kudus. Wektu kuwi wis akeh wong
saka India kidul
negara Chola sing padha dagang-ganjol ning pasar Tanjungkarang,
wong negara Chola
mau ngijolake: Babut-prangwedani gambar Pura/Candhi Hindhu,
lan minyak-wangi
Yasmin/ Tagara, sarta pratus wangi; negara Rananggana ngijoli
kayu-jati
glondhong, kapuk randhu lan lenga klenthik-klapa. Wong negara Chola
kuwi agamane
Hindhu Shiwa Maha Dewa, jare Agama kuwi Agung luwih bener lan
luwih suci
tinimbang Tata Budibudaya suci Jawa-Hwuning. Sabab saka sambung
rapete Penggedhe
Rananggana karo Juragan-juragan negara Chola, wasana
Penggedhe-penggedhe
lan wong dhuwuran.
Rananggana kuwi
wiwit padha kapilut niru Kabudayane wong Chola mau; mlebune
Kabudayan Chola
ning negara Rananggana ndeseg Tata Budibudaya suci Jawa-
Hwuning sing
dianggep remeh lan asor. Sarehne kalah birawa kalah gebyar,
Penggedhe-penggedhe
lan wong Enom-kutha sing umur 18 taun sapengisor padha
berag padha ngrasa
gagah nggunakake Budayane wong sabrang Ngatas-Angin;
luwih-luwih para
Wanitane padha anut-ngrubyug: “Kaya Belo melu seton. Kaya
bebek nyemplung
kedhokan.” Nanging kawula rakyat Cilik ning Karangpadesan,
pegunungan lan
bumi Rawa, ora mreduli ora nggubris anjrahe Kabudayan manca
ngono mau.
Wong-wong mau mung botha-bathu mledreng nyambut gawe butuh
rejeki kanggo
nyampeti krandhah anak-bojone.
Dhatu Hang Anggana
sarehne wong wegig lan wicaksana, mula uga ngguyubi melu
mlebu Agama-Hindhu
nanging dudu Hindhu Shiwa, dheweke ngarang Agama
Hindhu-Kanung.
Sabab ngrumangsani nggone dadi Dhatu-Agung ning negara
Rananggana kuwi
saka dhukungane kekwatane wong-wong Kanung kang uga isih
Wangsane dhewe.
Mula wujude Pamujan utawa Pura-purane negara Rananggana
kuwi ora niru
cakrik Hindhu Chola utawa Hindhu Dieng, dheweke nggawe Pamujan
Lembu-Nandhi
ndepok ning Altar nglambangake Kekwatane Rakyate, sarta Lingga-
Yoni wujud
Lumpang-Alu gedhe banget, nglambangake: Hang Anggana Dhatu
Agung kang
mundhi-bekti Sembok/Semake sarta Dhanhyang Leluhure. (Dununge
Sanggar-pamujan
kuwi saiki dadi desa Demangan, kakilung gendhong-gendhong
Pabrik Rokok).
Saterue nuli
nggawe Pamujan Merudhandha-Agung (Saiki isih wujud Menara Kudus
cedhak mesjid
Kudus-kulon). Merudhandha kuwi nglambangake ke-Agungane
negara Rananggana;
puncak tengahe Merudhandha didokoki Oncor-prunggu ana
pahatane gambar
Manyura ngingel, oncore tumumpang ajug-ajug (=Tajug) emas,
rina wengi tansah
murub nganggo lenga klentik-klapa; dijaga/dirawat Pendhita
Hindhu Kanung wong
4 padha ganti saben 4 jam. Oncor kuwi nglambangake
Kaluhurane lan
Kawicaksanane Hang Anggana; pisungsung saudagar China krajan
Tsang Tai Tsung.
Ring gisik tepine bengawan Silugangga (Juwana) para
Pambelah/Pelayar/Pelaut
digawekake candhi pamujane Dewi Hwa Ruh Na recane
wujud Dewi Ratune
Samodra njoget tetayungan. Saiki tilase candhi-candhi mau wis
kari wujud Pura
padhang gogrog ning desa: Jatiwetan, Loramkulon, Njepang lan
Temulus.
Sarehne Rakyat
Rananggana kuwi agamane Hindhu Kanung pamuja Lembu nandhi,
mula wong-wong mau
padha sirik banget mbeleh sapi lan gemang mangan daginge;
nganti jaman
pangwasane Shunan Tajug-Islam tutug jaman saiki isih dadi Adat-
kapercayan,
tembunge: “Juuuug... juug, mangan daging sapi kuwi ora ilok
Naang/Noook!!!”.
Hang Anggana seda in taun Masehi: 660, awu layone dilarung
dikelemake ning
sumuran sangisor-dhasare Merudandha; ning wektu sabanjure
banyu sumur kuwi
kanggo mbabtis wong kang arep dadi Pandhita kanung.
Rembesane banyu
sumur kuwi njedhul tutug gompinge Kali Gelis; gomping kuwi
ditembok dhuwur
dhasare digawekake jedhingan, banyune kanggo: Siraman
ngruwat-sangkalane
Bocah kang wiwit demolan dibarengi Kethok-kuncung.
VII. Adege negara
MEDHANG-Metaram I
In taun Masehi:
725, ana wong Kanung wegig saka Medhang-Kamulaan (Teluk Lusi
Blora) kang isih
klebu trah-tedhake Dattsu Dewi Simah, asmane Hang Sanjaya.
Dheweke ngajak
wong-wong Medhang Kamulaan, wong-wong Keling lan wong-
wong Rananggana,
diajak bebadra nggalang Banjar papane ning bumi sawetane
Gunung Dieng,
punjere Banjar dumunung ning Adireja sawetane Gunung Buthak
(Kabupaten
Temanggung). Wong-wong mau ngumpul ning wong-wong Kanung
sisane panjebluge
Gunung Dieng sing manggon desa-desa: Gemawang, Kemiri,
Limbangan, Boja,;
wong-wong mau Agamane Hindhu-Kanung pemuja Lembu-
Nandhi lan
Lingga-Yoni. Hang Sanjaya nggone nggalang banjar lan punjere kutha
dumunung ning
Adireja kuwi perlune:
1. Nedya nguripake
penambangan wlirang sing wis pusa kanggo pedagangan
maneh karo negara
China.
2. Supaya bisa
cedhak nggone ngirup Desa-desa sing biyene dadi Krerehane
Leluhur Endriya
pra Astha.
Sesambungan dagang
karo negara Sabrang nggunakake plabuhan Teluk-Bodri sing
ngongkang segara
Jawa, nuli munggah pagenengan Singaraja, Sukareja, lan
Candhirata mbanjur
tutug Adireja. Hang Sanjaya menehi jeneng negarane mau
aran:
Medhang-Metriyem (Tegese: Babone saka Medhang), lawas-lawas tembung
kuwi malih luntur dadi:
Medhang-Metaram.
Wong
Medhang-Metaram kuwi agamane rupa-rupa:
1. Hang Sanjaya
dhewe agamane Buddha-Kanung naluri saka Leluhur Keling
Bhikku Janabadra.
2. Wong-wong
pinter mentereng-kutha agamane Hindhu-Chola.
3. Wong kolod
pemuja Lingga-Yoni pemundhi Sembok/Semak isih agama Hindhu-
Kanung.
4. Wong Cilik
Sudra-papa urip rekasa rejekine ora mingsra, ora butuh ning Agama
ora mikir
swarga-neraka. Butuhe mung ngupaboga nggo nyampeti kaluwarga.
Wong
Medhang-Metaram kuwi sanajan Kapercayan lan Agamane rupa-rupa,
nanging padha bisa
rukun gotong-royong setya ning Negara/Praja. Nalika netepake
adege negara
Medhang-Metaram lan Undhang-undhang pranatane Praja, swarane
sing menang: Wong
sing ngagungake Sastra Palawa lan Taun Syaka.
Swarane wong sing
ngugemi sastra lan titi taun jawa Hwuning dadi kalah, dianggep
Kolod wis ora
njamani (Sanepane dianggep kaya Baya-putih sing wis tuwek-loyo).
Wusanane sastra
Jawa-Purwa karangane Dattsu Agung Pucangsula Dewi Sibah,
lan taun
Jawa-Hwuning karangane Dhanhyang Kie Seng Dhang malih ora
dikanggokake dadi
kabur ilang. Negara Medhang-Metaram ngganti resmi ngunakake
sastra Palawa lan
taun Syaka nalika taun 654 (=Tahun Masehi: 732).
Tan Syaka kuwi
taun Pengetan nalika jumenenge Raja Khaniska I wangsa Kushana,
diwisuda dadi
Narendra negara Chola India Kidul. Dadi dudu asli taune wong Jawa-
Purwa.
Dongeng
Crita-Legendha :Pujangga Jawa nggawe crita Aji Saka (=Kabudayan
Saka) ngalahake
Baya-Putih (=Kabudayan Suci Jawa-Hwuning). Matine sampyuh
perang abdi-loro
Dora Sambada rebutan kerise Bendarane dikarang digawe Crita
dumadine Sastra
Jawa-Legena (Jawa-anyar):
HA NA CA RA KA
DA TA SA WA LA
PA DHA JA YA NYA
MA GA BA THA NGA
SIGEG
VII. Dumadine
negara LASEM
Sawise panjebluge
Gunung Murya (Taun Masehi: 471), segara Teluk Kendheng
kang keblabaran
blegedebane Gunung Murya lan klongsoran lemah gompinge
Pegunungan
Kendheng-gamping mau, ing taun Masehi: 850, wis malih dadi
dharatan: Pamotan,
Sulang, lasem, Rembang lan Juwana; wujude bumi isih katon
banthak
ngilak-ilak cengkar, ning kana kene mung ana grumbul rerungkudan sarta
wit Bogor (=Tal)
kang nggrembel gegrombolan. Mung sing cendhak perenge
gunung, sing isih
akeh wit-witane subur ledhung-ledhung. Ing nalika jaman kuwi wis
ana wong Kanung
saka desa Criwik lan Sindawaya padha mudhun bebadra mbubak
bumi nyithak tegal
sawah karasan pekarangan ning bumi pagenengan sakulone
Gunung Bugel,
dipangarsani wong aran: Ki Wekel. Wong-wong mau padha dadi
Tani-pokol nandur
jagung-kodhok, kacang-tholo, lan tela elung; desa bubakan-mau
katelah aran desa:
Tegalamba lan Karas (Karasmula, Karasgedhe, Karaskepoh).
Wong-wong liyane
sing uga lunga bebadra nanging gemang bubak adoh-adoh,
mung terima padha
bubak ning perenge Gunung Bugel lan Gunung Gebang sarta
lembah sakulone
nggunung sing lemahe padha nyumber banyune ngembong dadi
rawa, akeh iwake
kutuk lan iwak sili gedhe-gedhe; bumi kono sing didadekake desa
karan desa
Sumbersili (=saiki desa: Sumbergirang, dipangarsani adhike Ki Wekel
asmane: Ki Welug,
wong pinter sing akeh akale. Wong Sumbersili kuwi panggaotane
mung Tani-ngothek
undhuh-undhuh woh-wohan kebon-alas utawa memet iwak
rawa; wong-wong
mau nduweni kapercayaan: Titah kuwi wis duwe jadhangan
pangan nalika
Tumitah-Urip; sing nandur jambu-klethuk kuwi Semut-getem
nggondhol wiji
jambu kletuk didokok elenge ngisor watu. Codhot, kalong, lawa
nggondol woh-wohan
pelok beton lan kebroke padha rugol thukul saenggon-enggon.
Mula ora ana
carane wong tani-ngothek kuwi padha repot-repot nenandur; wit woh-
ohan rak wis padha
thukul-Dhewe amrah-saenggon-enggon, iwak-iwak wis padha
bebranahan
tengkar-tumengkar Dhewe. Menusa ora nandur ora ngingoni mungkari
krapa kari memet
misaya masang wuwu.
Ing taun Masehi:
870, ana wong neneka saka negara Siyem, nedya bebadra
cakalbakal ning
bumi pesisir kulone Gunung Argasoka, ndharate ning Sunglon
ereng-erenge
Pongol pesisir mau; bareng wis mantrah desa kono mau dijenengake:
Pereng. Nggone
bebadra mau dipangarsani Bhikku Agama Buddha asmane: Gam
Swi Lang, krandhah
wargane padha nggalangake Sanggar lan Pasraman ning bumi
sakidule pongol
pereng madhep ngulon. Wong-wong Jawa-Kanung nggone ngarani
Pasraman mau aran:
Gambiran (=Saka asma: Gam Swi Lang owah aran:
Gambiran). Kakek
Gam Swi Lang mulangake Agama Buddha-Kanung mundhi
ngluhurake asmane
Dattsu Dewi Sibah; tumrape wong Siyem Dattsu Dewi Sibah
kuwi dianggep
Maharani sing wis sarira Bodhisatva. Citrane Sang Dewi dipetha
diukir wujud reca
Bodhisatva-Avalokitesvara cakrik Reca negara Keling/Keled
Bodhisatva ngagem
makutha Praba-kudhup Melathi; reca didokok ning altar
saburine reca Sang
Buddha. Wong Jawa-Kanung lan wong Siyem kuwi lawas-lawas
padha sambung
jodhon sesilangan, ora ana sing mbedakake Trah asline utawa
Kapercayan
Agamane.
Ing taun Masehi:
880, Ki Welug nyuwita Bhikku Gam Swi Lang perlu meguru Ilmu
Agama Buddha lan
ilmu-ilmu liyane. Sawise bontos lan lulus sakeehing piwulang, Ki
Welug diparingi
titel Pujangga lan asma Wisudhan Kapujanggan, asma: Mbo
Widyabadra. Sawise
mulih nuli mulangake Ilmu-Karya ning krandhah rakyate. Sing
luwih elok wong
Sumbersili mau diwulang nggawe panganan:
1. Woh Kamala
dibesta gula digawe manisan.
2. Olah-olahan
lawuhan: Iwak rawa sawise diresiki nuli diwadhahi klenthing disap-
sap sega-jagung
lan uyah, diperem limang dina nganti bosok gandane buwadheg
arane: Bekasem
(utawa: Masin). Ngolahe: Dibothok diuled karo krambil enom
parudan, digawe
lawuh mangan sega-jagung jangane elung utawa kangkung kela-
asem rasane
ngabelani banget.
Lebar mangan
nganti ateb swarane seru: “Hwaeeeek. Aduh Semboooook segere!!!”
Nuli ngenyut
manisan Kamala karo lenger-lenger lungguh lincak ora klamben
kringete
gumrobyos, silir-silir angin semribit saka Gunung Bugel karo mambu
gandane kembang
sangketan sengir-wangi; uripe wong Tani-ngothek Sumbersili
sing kayangono
kuwi wis ngrasa girang seneng ayem. Ki Welug Widyabadra ngajak
wong Sumbersili
nggawe bata gedhe-gedhe perlu digawe tembok nanggul sumberan
kang mili pating
sreweh mbleberi Desa, banyune diilekake mlebu kali Semangu lan
Kemandhung mbajur
ajor kali tegalamba terus mlebu rawa Narukan. Liya kuwi
wong-wong mau
diwulang dadi Kundhi nggawe grabah-lemah, jothoke karan:
Kundhen. Uga
diwulang dadi Pandhe jothoke karan: Pandheyan.
Wong-wong wadon
Kundhen diwulang nggawe Ampo-lempeng, lemahe ngapek
saka gompeng
Palwadhak sing ana lempunge kete-kuning yen wis dadi Ampo
rasane rada gurih.
Wondene wong-wong Tani-pokol Tegalamba diwulang nandur
pari sing tanpa
mbutuhake diembong banyu, bibite saka sumbangane wong-wong
Siyem arane pari
Gaga-rancah, dadine beras aran: Krotog. (Aja diucapake muni:
Gogo dipangan kebo
loro!! Benere diucapake muni pari Gaga, sing nandur wong
tegalamba lan wong
Karasmula, ditandur kulone desa).
Adege banjar
Karanggan dadi Kutha LASEM
Wong Kanung
Tani-ngothek lan Tani-pokol dipimpin Mpu Widyabadra kuwi padha
guyub lan seneng
banget, dheweke nuli diangkat dadi Rangga (=Pemimpin Karya)
sarta pindhah
nggawe panggonan karan banjar: Ke-ranggan = Kranggan. Ora lawas
banjar Kranggan
kuwi malih reja kaya kutha, mbanjur dijenengake, kutha Lasem.
Ngapek aran saka
tembung: Kama-la lan Beka-sem. Nalika ditetepake dadi kutha
Lasem ing masa
Bedhidhing taun Masehi: 21 Juni 882 kanthi pahargyan gedhen.
Mpu Widyabadra
nggawe pengetan Candrasengkala Taun Syaka: 804 = (Akarya: 4,
kombuling: 0,
manggala; : Akarya kombuling manggala.
Sasedane Mpu
Widyabadra (Ki Rangga) ing taun Masehi: 920, kutha Lasem-
Argasoka suwene
nganti 425 taun tutug pangwasane Mpu Metthabadra ing taun
Masehi: 1345, ora
ana dahuru lan sambekala. Negara Lasem kuwi bumine cengkar
uripe Rakyate
kontit-kawuri banget katimbang karo Rakyate negara-negara gedhe
Gunung Kidul
(Mataram-Parambwana, Daha, Kedhiri, Singasari); nanging pikire
wong Lasem kuwi
padha ayem-mlekedhem sabar-darana. Mulane negara-negara
gedhe mau ora ana
sing sudi nglajak utawa njajah. Lagi wiwit jaman Pangwasane
Prabu Ayam-Wuruk
Majapait, birawane Patih Arya Gajah bandhol-perang Panglima
Angkatan Laut
Majapait wong saka desa Mada (salore Kecamatan Plosso,
Kabupaten
Jombang); Akuwu Lasem Mpu Metthabadra ditelukake, pemrentahan
Lasem digingsir
digantekake Wakile yakuwi Dhampuawang Pr. Rajasawardhana
kaipe Prabu
Ayam-Wuruk.
Adege Kraton LASEM
Dewi Indu-Purnamawulan
Prabu Ayam-Wuruk
tindak Lasem karo rayi nak-dulur misan Dewi Indu
Purnamawulan garwa
Pr. Rajasawardhana. Dewi Indu diwisudha dadi Prabu-putri
Lasem; ing nalika
taun Masehi: 1351, manggon Puri Kriyan (Tilase saiki dadi Wisma
Yatim Piatu Jl.
Raya Lasem) Kaendahane lan Tataraharjane kutha Lasem kecathet
ning buku Sabda
Badra-Santi dening Mpu Santibadra.
Kraton Majapait
ambruk
Jamane Sri
Kertabhumi (Kertawijaya) ratu Majapait, kaluhurane nanendra wis malih
surem, awit para
Penggedhe nayaka-praja wis padha mangro-tingal ora bekti ning
Narendra; pikire
ora setya ning Praja:
1. Padha slingkuh
ngenthu-enthu donya-rajabrana.
2. Wis ganti
ngidhep ing Gusti ning Agama liya, ora ngidhep Agamane negara
Majapait.
3.
Penggedhe-penggedhe pesisir lor wilayahe Majapit wis padha mbalela, malih
ganti bekti ning
Shunan Seh maulana Maghribi.
4. Uripe Kawula
rakyat majapait wis klendran ora kopen, bumi alas lan bengawan
Brantas diebrakake
Penggedhe; bregat-bregat dutebangi kanggo mbangun dalem
brenggi.
5. Sri Kertabumi
dimusuhi Girindrawardhana Adipati Kedhiri rebutan waris kuwasa
Tedhak Leluhur
Kedhiri. Girindrawardhana gemang dikwasani Sri Kertabumi
Majapait, wekasane
thukul daruru pembrontakan ning Kutha Majapait.
Negara Majapait
diprawasa kedhiri, dipit karo negara Pesisir kang musat ning
Kashunanan Gresik.
Negara Majapahait rontog rusak korat-karit sirna ing taun
Syaka: 1400, di
Candrasengkala: (Sirna: 0, wuk: 0, kertaning: 4, bumi: 1) = Taun
Masehi 1478.
Nalika geger
pembrontakan kuwi ana Mpu Guru asmane Pr. Santibadra, pujangga
Seni Budaya
Majapait pangkat: Tumenggung ing Wilwatikta; ditawan Penggedhe-
pembrontak
Majapait, nanging Mpu Guru bisa lolos kondur ning Lasem karo abdine
telu. (Kacritakake
ning buku Sabda Badra-Santi). Satekane Lasem kojur, awit kutha
Lasem wis dadi
negara Islam dikwasani Adipati-putri Maulani Malokhah, kang isih
kapernah putra
mantu-ponakan dhewe. Eyang Pr. Mbu Guru trima ngalah lumengser
dadi Sramana
mertapa ning Gunung Tapa’an-Ngargasoka, ngiras mulangake Ilmu
Endriya pra Astha
ning para Pendhita-pendhita Kanung Ngargapura Lasem, sarta
ngarang Pustaka
Sabda Badra-Santi (Begja-Rahayu).
Nggone dadi
Sramana ning kono tutug sepuh seda ing taun Masehi: 1527, awu-
layone dikubur
ning pundhen Tapa’an kono nunggal sakluwat kumpul karo awu-
layone para
Dhanhyang leluhur Agung Ngargapura Lasem, yakuwi:
1. Eyang Kie Seng
Dhang Dhatu Tanjungputri, seda ing taun Jawa-Hwuning: 30
(=200 taun
sadurunge Taun Masehi). Sing dikubur ning kono mung Reliqe, dudu
awu-layone.
2. Eyang Hang
Sambadra Dhatu Pucangsula, seda ing taun Masehi: 425.
3. Eyang Dewi Si
Ba Ha (Dewi Sibah) Dattsu Pucangsula, seda ing taun Masehi:
445.
4. Eyang Rangga
Widyabadra, Mpu sing cakalbakal kutha Lasem; seda ing taun
Masehi: 920.
Mula ning Pundhen
Gunung Tapa’an kuwi sejatine ana kubur awu-layone leluhur
Agung lima. Asmane
sing nonjol-kaloka mung Eyang Mpu Guru Pr. Santibadra,
sabab Eyang Mpu Guru
wis ninggali Karangan Sloka wasita Adiluhung Pustaka
Sabda Badra-Santi
minangka gegaran kanggo Ulah Kautaman tumuju ning kabegjan
lan Karahayon.
Nganti wektu-siki
Pundhen Gunung Tapa’an kuwi isih wujud Pundhen kang mung
dicungkup sarwa
prasaja-banget, mung nganggo pager bethek-kayu tanpa omah
pangauban
udan/panas kanggo para Petirakat Tuguran/Nyekar kang padha rawuh
sumewa ning kono.
Pangestine Wong-wong nggunung kono kang padha mbesiki lan
memundhi Pundhen
Leluhur Ngargapura kuwi padha ngantu-antu.
"Muga-muga
enggal anaa Priyagung/Wiryawan/Dhanawan padha kesdu
mangastuti mbangun
omah Pangauban sarta nggawekake dalan tumuju
munggah ning
laladan Pundhen Tapa’an kono, supaya ing tembe ndadekake
regeng-rejane Desa
kono dadi papan Pariwisata; wong desa Ngasinan mbanjur
bisa bukak-dhasar
nggawe warung jajanan, panganan lan omben-omben
kanggo nglayani
para Wisata kang mbutuhake isen-isen "
Dhek jaman kuna,
suwargi kakek Kanung R. Panji Karsono ing Kemendhung Laem,
sok masitani
krabat-kadange Wong-wong Gunung Ngarga; kanthi dikidungake:
“Mangastuti
uggyaning Ibu-pertiwi, sukalila mbangun Taman-Argasoka; Nagri: Jladri
ardi wana
khudup-mlathi.”
Dhek biyen dhek
isih jaman penjajahan Landa, akeh wong-wong Tuwa sing apal
rengeng-rengeng
nembangake Slokane Mbah Panji sing aneh ngono kuwi, nanging
wong-wong mau ora
ngreti jluntrunge lan tegese Warsitane kidung kuwi. Yen ana
wong sing wani
takon ning Mbah Buyut Kanung, jawabe iya mung sarwa pralampita:
“Mbesuk nggeeeer!
Yen wong Jawa wis akeh sing padha ra i ketan, wis kemba
Mangan-jali ning
wong Tuwa; para-putri ora risi nganggo kathok-cekak sa-nduwure
cingklok. Para
priyayi dines-resmi kathokan landhung ngagem pici, katon bregas
miyatani. Lha ing
kono titi-wancine para Janma kang Luber-arta luhur-budi, pada
memetri mbanun
Pudhen-suci kapetha Candhi. Buyut dhewe iki wis ora menangi
jaman kuwi!!!!”
TAMAT
Tambahan
Keterangan :
Taun Sejarah
diganti taun Masehi, kanggo nggampakake pamikire para Sutresna
Sejarah.
Negara Pucangsula,
Medhang-Kamulaan, Keling, Rananggana, isih nggunakake
Taun Jawa Hwuning
lan Sastra Jawa-Purwa.
Negara
Medhang-Mataram I, lan Mataram II (Parambwana), wis nggunakake sastra
Palawa lan taun
Syaka.
Negara
Medhang-Mataram I,. Kedhiri, Majapait, Lasem, nggunakake Taun-Syaka
- See more at: http://www.joyodrono.tk/2011/07/asal-usule-wong-jowo.html#!