Jumat, 10 Juli 2020

Sejarah Kawitane : Ana Wong JAWA lan Wong KANUNG dening : Mbah Guru


Sejarah Kawitane :

Ana Wong JAWA lan Wong KANUNG
dening : Mbah Guru



PETA ASLI JAWA DWIPA

I. Jaman JAMAJUJA (Puluhan ewu tahun kepungkur)

Dhek jaman semana Pegunungan Kendheng kuwi wujude ana pegunungan 2 (loro):
1.Pegunungan Kendheng Kidul, karan Pegunungan Kendheng tuwa.
2.Pegunungan Kendheng Lor, karan Nusa Kendheng.
1. Pegunungan Kendheng Kidul
Kuwi dununge wiwit saka wetan Pegunungan Kabuh, Kabupaten Jombang,
mbanjeng mujur mengulon tutug Pegunungan Masaran, Kabupaten Sragen.
Sabab saka anane lindhu prakempa Gunung Lawu jaman sangang ewu tahun
kepungkur, ndadekake Pegunungan Watujago bengkah omblah-omblah mujur
mengulon; wasana dadi Lembah Ngawi kanggo dalan iline Bengawan Sala nrabas
menggok ngalor tutug Cepu.
Sakdurunge ana lindhu gedhe, Pegunungan Watujago tutug Pegunungan Masaran
kuwi dienggoni menusa sing isih wuda mblejed, wujude kaya kethek-rangutan gedhe
pangane rupa kewan: kodok, kadal, ula, cacing, jangkrik, walang, sarta woh-wohan:
mulwa, srikaya, mete, dhuwet, popohan, nanas lan liya-liyane.
Kabeh mau mung cukup ngapek utawa nyekel ning alas panggonane urip neng
kono. Panggonane turu ning gowok sing dhuwur utawa pang-pang gedhe, durung
ana sing wani turu ning guwa; sabab guwa-guwa kuwi mesthi dienggoni macan
gembong. Wong mau yen mati bangkene diumbar ngenggon kono nuli ditinggal
lunga, wekasane diothel-othel dipangan kewan galak; balunge pating kececer ning
kana-kana katut banjire
Bengawan Sala padha nyangrah ning mbereman Gemolong, Kalijambe, Kabupaten
Sragen, wasana kurugan lumpur lan padhas linede Bengawan Sala, uga ana sing
tutug mbereman Ngandong, Kabupaten Ngawi.
Wong pulo liya sing wis padha duwe tata-budaya, olehi ngarani wong ngono mau
aran Wong Legena. Uga ana sing ngarani Gandaruwo. Ana maneh sing
ngarani Kethek Limuri.

2. Pegunungan Kendheng Lor
Pegunungan Kendheng Lor (Nusa Kendheng) watara limang ewu taun kepungkur
wis dienggoni wong sing luwih maju tinimbang wong Legena, wong-wong mau wis
bisa gegaweyan gaman-watu diasah landhep. Nusa Kendheng kuwi nalika semana
isih wujud Pulo gedhe cawang telu kang kinilung Teluk Lodhan lan Segara; ing sisih
wetan ngongkang Telok Lodhan lan Segara Kening. Sisih kidul keledan Segara
Selat Kendheng-Kidul lan Segara Teluk Lusi. Sisih kulon Segara Teluk Serang kang
tepuk karo Segara Selat Murya. Sisih lor Teluk Juwana lan Samodra Jawa kang
jembar lerab-lerab. Gunung Murya isih wujud gunung geni dhuwur-ngukusan,
dikilung segara.
Nusa Kendheng kuwi ora duwe tanah ngare lembah banthak tadhah udan kang
ngembong banyu; wujude mung pegunungan alelengkeh jurang lan gompeng; ing
sawetara gompeng ana guwa-guwane padhas sing jembare mung sarompok teba.
Neng bumi Nusa Kendheng kono kuwi ora ana thethukulan pari lan jumawud, sing
ana mung jalinthing, canthel, lan jagung-kodhok kang thukul subur neng lelowah
sing ngembes; wohe dadi pangane kethek, bethet lan bantheng. Ning alas kono
lebeng wite: jati, trenggulun, sawo-kecik, mete, klethuk, lan mulwa.

Gisike-pesisir nggenggeng wit: krambil, bogor (tal), jambe. Pesisire sing wujud rawa-
embet klethukulan: rembulung, bongaow, sarta brayo kang nrecel riyel. Ning punthuk

pegenengan sing dhuwur-dhuwur ketel suket-kalanjana lan alang-alang sing
dienggoni grombolane bantheng. Bantheng wadon aran Jawi. Sing gemati banget
(jawa banget) ning pedhet-pedhete. Ing wayah bengi jawi-jawi mau yen padha turu
padha kupeng adu bokong karo jawi-Jawi liyane ngilung pedhet-pedhete. Dene
bantheng-lanang sing mbenguk padha kekiter njaga grombolane, aja nganti
dimunasika kewan-galak.
Maaf untuk menghemat halaman blog ini kelanjutannya saya masukan dalam
spoiler
Nalika semana Pegunungan Kendheng Lor kuwi wis didunungi menusa wong asli
pribumi kono. Dedege endhek pawakane cilik, kulite nembaga. Kauripane isih wlaha
lugu deles, nanging wis nduwe kemajuwan. Tatabudaya gegaweyan; sandhangane
rupa cawed saka lulup waru diperut-alus dienam, utawa lulang kewan diucel nganti

lemes. Uripe sagotrah manggon ning guwa-guwa padhas mau, kekancan karo asu-
gladag sakirike sing wis padha kawong lulud melu manggon cedhak guwa kono.

Bocah-bocah cilik karo kirik kerep padha gojeg kekuwelan nanging nyakote ora
tenanan, mung padha ngos-ngosan pating krenggos. Panguripane wong-wong mau
saka kekrapa, nyelog, memed, lan mbebedag-ajag. Gamane rupa payal, panah,
bedhor, sing digawe saka watu-jae kempling diasah mlingir landhep banget. Yen luru
pangan asu-asu kuwi mesthi melu kekinthil utawa jejigar sesanderan ngoyak kewan
nuronan, uga sok melu nyelog ndukiri palapendhem-alasan.
Oleh-olehane pangan digawa mulih dirantengi mung dikoprok thok, yen wis mateng
nuli dioser-oseri awu rencek-sangkrah segara dadine mbanjur krasa asin; nuli
dipangan kepyah-kepyah sabrayate uga asu-asu sakirike padha melu mangan
bebarengan. Genine entuke saka wit kang kobong disamber bledheg, pang-pang

garing ana genine mengangah merga gesekan karo pang-pang liyane ing mangsa
ketiga-ngangkang. Geni kuwi digawe totor marong rina-wengi ning sacedhake guwa
kono; yen bengi ngiras digawe memedeni kewan galak supaya ora wani nyedhaki
guwa kono; kawuwuhan kewan-kewan galak kuwi padha giris dijegogi asu-gladhak
sepirang-pirang swarane mawurahan rame.
Yen pinuju padhang rembulan wong-wong mau padha seneng-seneng ning sak

njabane guwa, pada jejogedan lan gegandhangan sarta keplok-keplok lan anyul-
anyul cangkeme mecucu kaya cupu, tunggak-tunggak utawa kayu sing ngglonthong

dithuthuki digawe tetabuhan. Wong asli dhek jaman JAMAJUJA sing uripe isih sarwa
deles prasaja wlaha ngono mau diarani Wong Suku Lingga.

SIGEG

II. Jaman KUNA-MAKUNA

(Sadurunge Tahun Masehi, Nabi Isa el masih durung miyos)
Wong Nusa Bruney-kidul sing manggon ning saurute pesisire Teluk Sampit sarta
neng tepis kiwa tengene Bengawan Sampit-hilir, ing sawijining wektu ketrajang

pageblug-gedhe. Jare wong-wong Sampit kuwi padha digrowoti Setan Blarutan-
sogrok weteng; nganti akeh banget wong-wong sing padha mati, luwih-luwih bocah

cilik sing isih demolan. Wong-wong sing isih urip padha miris banget, nuli padha
ngungsi minggat ngumbara lelayaran mengidul nyabrang samodra Bruney; tumuju
ning Nusa Kendheng. Setan Blarutan ora wani nyabrang samodra nututi wong-wong
ngungsi mau, jare wedi kesiku Bathari Hwa Ruh Na, ratune Jim-Samodra.
Mangkate wong-wong ning Nusa Kendheng dipangarsani dening Kie Seng Dhang,
sawijining wong tuwa Sampit sing wegig lan akeh pengalamane, wong sing
jangklanglana ning manca negara. Sawise lelayar sepuluh dina sepuluh wengi, ing
wayah pajar bang-bang-wetan katon regemenge Gunung Nusa Kendheng (saiki
Gunung Ngargapura Lasem); gisik sawetane Ngargapura katon sesawangan
(pemandhangan, saiki dadi desa Pandhangan) kang ngresepake pandulu. Puncake
Gunung Ngargapura katon ampak-ampak memplak, langit resik ngalela warnane
biru-lasuardi; ombak agilir-gilir lindhuk nyempyok gisik pesisir sawetane
Ngargapura.Yaaa neng bumi kono kuwi wiwite wong-wong Sampit padha ndarat
cakalbakal dadi bangsa-anyar, aran Wong Jawa.
Let sapenginang (wong-wong wadon Sampit padha seneng nginang nglenthusi woh

jambe sing isih enom, arane Mucang), prau-prau mau wis padha mepet gisik (palwa-
palwa = palwangan. Plawangan, saiki dadi desa Plawangan), para Pandhega

mbuwang dandhan padha ndokok (menaruk-naruk, saiki dadi desa Narukan) praune
jejer-jejer urut gisik mbanjeng mengidul. Nenek-nenek padha ndisiki mudhun saka
prau kanthi mbuwang susure tepes-jambe ning segara, minangka sarat mbuwang
sebel saka negarane. Nyi Seng Dhang nguculi udhete ngrogoh cepuk isi lemah-lebu
saka bumi Sampit, disawurake ning gisike bumi Ngarga Kendheng; nuli sembahyang
sujud sumungkem Pretiwi lan tumenga Angkasa. Wong-wong wadon liyane padha
melu sembahyang bebarengan, ing pamuji: “Muga-muga sagotrah krandahe sing
padha neneka kuwi padha entuka Kabekjan lan Karahayon pindhah tetruka ning
bumi kono, tulusa trah-tumerah turun-tumurun bebranahan nganti pirang-pirang
jaman dadi bangsa-anyar neng Nusa Kendheng.”

Wong-wong lanang nuli padha nusul munggah dharatan luru papan panggonan sing
nyangkleg ning Tuk, kanthi enthuk pituduh lan pangeguh saka kakek Kie Seng
Dhang sing lakune wis sempoyongan astane digandheng putune Putri-kinasih umur
12 tahun; praupane ayu pindha golek-kencana, asmane Nie Rah Kie.
Kakek Kie Seng Dhang mlaku nusup-nusup ning alas bebondhotan, sawise oleh
papan kang cocog lan gathuk nuli prentah ning kabeh krandahe diutus mbubak
grumbul nebang kekayon digawe teba. Putri Nie Rah Kie weruh kembang warnane

putih-memplak anjrah nedhenge medem uga ana sing isih kundhup gandane amrik-
wangi, wite pating grembel ngoyod ning gompeng. Sang putri kesengsem banget

nuli matur ning Eyange. “Besuk yen wis duwe omah lan karasan arep nandur
kembang sing warnane putih ngresepake banget ngono kuwi.” Kembang mau
dijenengke kembang Melathi dening Sang Putri.
Watara patang sasi alas kuwi wis dadi papan-pomahan lan pekarangan; nalika kuwi

tepak mangsa Labuh wayahe boros padha trubus, uler jati padha dadi ungker, woh-
wohan padha medhohi, palapendhem akeh sing isih bentet; ndadekake wong-wong

seneng ayem ngrasa ora kekurangan pangan.

Minangka kanggo mengeti asal-usule Kie Seng Dhang kuwi saka desa Tanjung-
matalayur sawetane Teluk Sampit bumi Nusa Bruney pesisir kidul, mula punjere

desa cakal bakal sing didunungi Kie Seng Dhang sagotrah-krandahe mbanjur
dijengke desa Tanjungputri (saiki dadi desa Tanjungsari, Kecamatan Pandhangan/
Kragan Kabupaten Rembang).
Sawise dadi karas-pekarangan lan pomahan, ing sawijining dina wong-wong mau
padha ngumpul ning Balepaguyuban Tanjungputri, perlu ngrembug Tatapranata lan
Tataraharjane desa disesepuhi kakek Kie Seng Dhang. Giliging gawe putusan:
1. Ngangkat Kie Seng Dhang diwisudha dadi Sesepuh lan Dhatu Tanjungputri ing
salawase Urip, mrenata bumi Pegunungan lan Pesisire Ngargapura, wiwit
Pandhangan tutug teluk Lodhan sing gisike wujud Wedhi-malela. Teluk kuwi
nggenggeng alase wit Pung kang ketel sirung, ing sisih wetan ana bregade wit
Pung-gedhe banget cacahe ana telu (=Sam, saiki dadi desa Sampung).
2. Bumi Nusa-Kendheng diganti aran: Tanah Jawi, nulad arane Bantheng-wadon
(jenenge: Jawi) sing dikramatake dening wong Lingga.
3. Awake dhewe kuwi wis ora aran wong Sampit maneh, ngganti aran; wong Jawa,
Nulad watake bantheng-wadhon kang jawa-banget (=gemati, ngerti, wigati) mring
pedhet-pedhete. (Bumine aran: Tanah Jawi, menusane aran: Wong Jawa).
4. Wong-wong kuwi nuli menehi tetenger Tahun, wiwite dadi Wong Jawa, diarani
(Tahun Jawa Hwuning: 1 = 230 tahun sakdurunge tahun Masehi); sarta digawekake
Lambang-Reca watu-item gedhene sak-menusa, pethane Kie Seng Dhang ndodhok
ning Pongol sawetane Gunung Tunggul. Para tetuwa diwajibake nganggo kalung

rambute dewe ditampar, lan diwenehi mendhel/ gandhul singg digawe saka Watu-
jae wilis gedhene sajenthik-manis; memper recane Kie Seng Dhang.

Wong-wong mau padha Prasetya-Suci

• Wong Jawa turun-temurun tutug Jaman apa wae tetep padha ngrungkepi
Tatapercayaan-Suci Hwuning, naluri saka leluhur Nusa Bruney bangsa Chaow
(=inggatan=ngumbara) saka Nusa-Hainan; jaman Jamajuja 3000 taun kepungkur
(1000 taun sakdurunge Nabi Isa el Masih miyos). Guru-guru Agung bawana Masriki
uga durung miyos neng Alam-ndonya, yakuwi: 1. Laow Tze Tao, 2. Hud Tze
Buddha, 3. Kong Tze Khonghucu. Wondene asal-usule bangsa Chaow sing kawitan
kuwi wong saka negara China, tepise bengawan Yang Tze Kiang udhik diapit
Pegunungan Kwen Lun lan Pegunungan Tang La, Propinsi Ching Wai. Wong-wong
mau sumebar mengidul ning bumi Tiongkok-Kidul (Nalika 4000 taun
kepungkur=2000 taun sakdurunge taun Masehi), ngliwati sakidule Pegunungan Yun
Lin. Ngliwati Propinsi Yunan, Propinsi Kwang Sie, Propinsi Kwang Tung. Nuli
nyabrang segara munggah dharatan Nusa-Heinan, sabanjure nuli nyabrang mlebu
Nusa-Bruney; sumebar anjrah dadi banbgsa-anyar suku Dhayak rupa-rupa jenenge
manut arane Bengawan-bengawan kono (Barito: Maanyan-siung. Kayan:
Apokayan, Kenya. Segah: Segal. Maham. Punan. Sampit). Sawise dadi wong
Dhayak Sampit nuli ngumbara maneh nyabrang samodra ngancik Nusa-Kendheng,
malih ngganti aran: Bangsa Jawa.
• Ing mbesuk Wong-wong Jawa neng Negara ngendi wae tansah padha nguri-uri
ngagungake Ke-Jawane, lan mekarake Senibudaya Jawa.
• Wong Jawa sing nyingkur/nyepele ke-Jawa-ne bakal dadi wong Jawa-jawal sing ora
nduwe Dhangkel lan Oyod-lajer. Uripe tansah Nglindur lan Mbangkong nganti
ngaya ngayal-andupara, nguber kaendahane Jodhog-layung ing wayah surup
Sandyakala.
Kakek Kie Seng Dhang ngasta pemrentahan Banjar (=desa gedhe) Tanjungputri
genep 30 taun, yoswa 90 taun wis wiwit loyo lan ngrasa wegah; pamrentahan nuli
dipasrahake Putri Nie Rah Kie kanthi diwakili garwane yakuwi: Bandhol Hang Lhe
Lesy kepala Pelaut pesisir Pandhangan sapengidul. Bareng Putri Nie Rah Kie nyekel
pangwasa Banjar Tanjungputri, bandhol Hang Lhe Lesy nggawe pranatan
Pemrentahan: Sang Putri Nie Rah Kie dikeker dipingit sajrone Tamansari Kedhaton,
ora ana wong lanang sing kena meruhi ragane (praupan lan blegere) Sang Putri;
kejaba garwane lan putra-putrine sarta para Emban.
Undhang-undhang pranatan Pemrentahan didhawuhake saka Kaputren kedhaton

Tanjungputri Kraga (=ngeker raga=kerraga=keraga; saiki dadi Kragan) liwat Emban-
keparak; nuli diterusake ning Nayakapraja-priya.Sawise Kie Seng Dhang seda

layone ditunu, awu layone dikubur sacedhake Tuk/ sumberan lan didodoki tetenger
watu mecongol diayomi wit Wringin-Brahmastana. Minangka Leluhur (=Dhanhyang)
sing cakalbakal desa kono, mula asmane Kie Seng Dhang dipepundhi Trah tedhak
turune lan kawula-rakyate; panjenengane minangka Dhanhyang Pundhen kanthi
dipengeti tembung “Tuk” ning kabeh desa diganti tembung Sendhang. Ngapek saka
tembung Seng Dhang (Yakuwi: Sendhangmulya, Sendhangwaru, Sendanggayam,
lan liya-liyane).
Reliqe (200 taun durung Masehi) dirawati dipepetri Trah tedhak turune digawa ning
negara liya digawe tumbal dipendhem ning Taman Pundhen Agung. Wong-wong
Tanjungputri yen mati layone ditunu ning gisik Pandhangan, awu-layone dilarung
dikelemake ning segara. Asmane suwargi Putri Nie Rah Kie disungging dening
tukang Patung wujud Reca-emas didokok ning candhi gunung Tunggul.
Pamrentahan Kraga Tanjungputri klakon madeg nganti pirang-pirang turunan ora
ana sambekala, saben ganti Pemimpin mesthi milih Putri kang Witjaksana trah-

tedhak turune Putri Nie Rah Kie; lan uga ngeker-raga ning Taman Kedhaton
Tanjungputri. Wong-wong Jawa Kraga kuwi uripe wis padha seneng-ayem, sebab
padha cepak rejekine sembada sandang pangan lan bale-pomahane, sarta pada
tetep ngrungkebi ngluhurake Tata Budidaya Suci Jawa Hwuning.

SIGEG

Nalika jamane wong-wong Sampit ngumbara ngungsi pindhah ning bumi Nusa
Kendheng Ngargapura, iwak Pesut (=iwak Lodhan Bengawan Sampit sing lulut karo
Menusa) akeh sing padha melu atut pindah ngumbara; amnggon ning segara Teluk
sakidul wetane Gunung Ngargapura, sing wasana Teluk mau mbanjur karan dadi

Teluk Lodhan. Nalika jaman semana gisike Teluk Lodhan mau sepi mamring tidhem-
premanem durung kejamah menusa; sing manggon bumi Teluk kono mau mung

sarupane mauk-segara lan manuk-alas; sarta penyu lan bulus sing arep padha
ngendog. Kadhang kala ana Jawi (=bantheng wadon) alas-kono, karo pedhete pada
dhede klekaran ning pawedhen ngangetake awak; lawas-lawas Jawi karo iwak
Lodhan kuwi padha kawong bisa urip rukun ning gisik kono.

Babon iwak Lodhan yen arep manak saben dina nyrondholi nyurungi ganggeng-
sangu sing tuwuh anjrah pating krembyah ning segara Teluk kono diunggahake ning

gisik; ganggeng-sangu ning ngumbruk ning kono nuli dipangan Jawi sing nedhenge
lagi nyusoni pedhete, ndadekake awake krasa seger susune mangkah-mangkah.
Bareng babon Pesut krasa arep nglairake nuli nglangi mlumah sarta ngambang,
Duplonge (=bayi Pesut) lahiir krogal-krogel ambegan nyerot hawa tumumpang ning
wetenge biyunge; Dhuplong kuwi sawise bisa nglangi nuli munggah gisik kanthi
gampang ora kesrimpet sangu sing pating krembyah; duplong kuwi arep dhedhe
ngangetake awak.
Bareng mambu gandane susu Jawi nuli krogal-krogel marani babon Jawi sing lagi
nglekar nuli ndesel-ndesel ngenyut susu sing mangkah-mangkah kuwi. Babon Jawi
ora kaget mandar aring sarta ndilati Dhuplong sing isih gupak banyu ari-ari; sanalika

pedhet Jawi mandar nggeblas lunga lan gebres-gebres sabab mambu gandane ari-
ari dhuplong, nuli nyingkir marani sangu nyengguti pupuse sing isih enom-enom.

Bareng si Dhuplong wis wareg nggone nyusu nuli kosal-kosel marani biyunge sing
isih nunggoni ning banyunan segara.
Pesut sing padha bebarengan ngumbara ngalih manggon Telok Lodhan kono mau

sasuwene 130 taun, wis padha nak-kumanak tangkar-tumangkar uripe padha jenak-
aring kumpul kambi kewan rupa-rupa ning teluk kono. Karo wong Kraga Tanjungputri

sing pinuju ning segara, pesut-pesut mau mandar isih wani nyedhak sarta lulut
nyrondol-nyrondol.
Wong Jawa Kraga yen luru pangan ora gelem nglanjak tutug Teluk Lodhan sing
dienggoni Pesut lan Bantheng sing padha urip rukun mengkono mau, apa maneh
ngganggu utawa mateni kewan loro kuwi; wong Jawa mandar sirik lan wedi banget
ning pamanti-wantine Dhanhyang luluhur: “Anak-putu Kraga aja nganti sing
munasika Pesut lan Jawi kuwi, apa maneh nganti mateni.” Wong jawa tedhak turune
wong Sampit mau sasuwene 130 taun uga wis padha bebranahan sumebar
sepegunungan Ngargapura, dedunung gegobrolan-gegrombolan sagotrah-krandahe.
Nalika semana wong Jawa mau wis padha ingon-ingon wedhus-kacangan entuke

saka mbasangi cempe-alasan, diipuk-ipuk digemateni dicancang ning cagak amben,

kumpul sajromah karo menusa. Bareng wis dadi wedhus bisa lulud nganti nak-
kumanak bebranahan, wedhus-wedhus kuwi dikandhangi ning karasan dikilung

bethek sarta dicepaki rambanan; rina wengi dijaga asu-gladhak sing wis pomah lan
mendara. Wong-wong pomahan nggone nduwe pikiran ngingu wedhus ngono kuwi,
perlune yen nduwe gawe butuh masak daging kanggo lawuh-nyomok ora ndadak
nunggu dhisik ajag kewan ning alas. Asu-gladhak sing wis ewonan taun urip kumpul
karo menusa dijak ajag, njaga omah njaga rumangkang lan rewang gawe liyane
mandar mung diumbar turu ning latar ngringkel utawa ning emper-gandhok.
Sasuwene wong Jawa lan iwak-Lodhan (Pesut-pesut) kuwi dedunung neng bumi
Ngargapura wis 130 taun (Taun Jawa-Hwuning wis taun 130 = Tahun Masehi
durung ana), wektu kuwi ana wong neneka pindhahan saka Nusa Tempabesi
ndharat ning Tanah Jawi pongol Lodhan segara kening, bebadra bubak bumi alas
Pung cikalbakal nggawe desa urut pesisir sawetane Teluk Lodhan; desa mau karan
desa Sampung. Wong neneka kuwi wis akeh sing pinter nggawe prau-gedhe,
cekung dhasare awak-prau lan anthok-cocoke sing digawe saka kayu-pung sing
kuwat krendhem banyu asing (Ing jaman saiki tedhak-turune wong-wong mau padha
dadi wong ahli nggawe prau ing Desa Bulu, Kecamatan Bulu, kabupaten Tuban).
Liya kuwi wong-wong mau uga pinter nenukang maneka-warna; dadi Undhagi
tukang kayu, Pandhe tukang wesi, Gemblak tukang kuningan, Sayang tukang

temnbaga, Kundhi tukang grabah lan Jlagra tukang umpak-watu sakane omah; tata-
pakaryane wong-wong mau aran Kabudayan Sampung.

Kanggo njembarake papan panggonane, wong-wong mau padha nekad ngrambah
alas nglanjak bumi Teluk Lodhan. Wong saka Nusa Tempabesi kuwi
Kapercayan/Agamane ngadhep-manembah ning Dewa Srengenge/Geni, dewa
Samodra/Banyu, dewa Angkasa/Angin, dewa Bumi/Naga Ijo.
Wong-wong kuwi ora sirik mangan daging Bantheng lan iwak Pesut; nggone

nglanjak bumi Lodhan kuwi mandar ngrasa luwih kebeneran sabab bisa mbebedag-
ajag lan misaya iwak kanthi sakatoge. Kang mengkono mau ndadekake kewan-
kewan kang biyene padha urip tentrem aring malih dadi kobrak giris kesid; temahan

padha minggat sumebar saparan-paran. Pesut lan Bantheng mau padha minggat
sumebar mengidul nyabrang segara tumuju ning bumi Nusa Kendheng Kidul, sing
alase isih lebeng ketel gung liwang-liwung durung dijamah menusa; segarane cethek
ombake lindhuk akeh iwake cilik-cilik maneka warna, ndadekake jenake Pesut-pesut
mau gampang oleh pangan.
Grombolane Bantheng liyane ana sing terus ngumbara ngidul-ngetan nyabrang
segara Supitan-Kamput, nuli terus munggah ning alas-alas gerotan Pegunungan
Brahma-Mahameru sapengetan tutug alas gerotan Pegunungan Raung (Saurute
Bengawan Brantas dhek Jaman-Jamajuja isih wujud Segara-selat kang ngilung
Gunung Kawi, kamput, Ajar-smara, lan Penanggungan.

Desa Sampung sawise madeg 75 taun ngalami kertaharja, wonge padha berag-
berag omahe panggungan bebanjengan saurute pesisir, praune mangkal jejer-jejer

mengulon tutug Teluk Lodhan. Sasuwene 75 taun kuwi wong-wong Sampung mau
wis akeh sing padha sambung srawung karo wong Kraga-Tanjungputri, mandar wis
akeh sing padha campur jodhon sesilangan. Kabisane gegaweyan wong Sampung

padha ditulad wong-wong Kraga. Sabalike Kapercayan-suci Hwuning lan Kabudayan
wong Jawa Kraga-Tanjungputri padha ditulad wong Sampung, sebab ragade
Upacara-Hwuning luwih entheng lan irid; ilmune luwih blag-blagan Kanyatan
gampang.
Beda karo Agama-kapercayaane wong Sampung kang sarwa andupara khayal,
ilmune rumit ruwed pujamantrane dawa ngalur-alur ndrememel ngeselake; ragade
Tata-Upacara akeh bange, sajene ngambrah-ambrah. Kang mengkono mau
ndadekake wong-wong Sampung padha bosen, wekasane mbanjur malih seneng
ngalih ganti ngrungkepi kapercayan-suci Hwuning, cawuh luluh karo kabudayan

Jawa Kraga Tanjungputri; mandar mbanjur gemang ngakoni aran wong Sampung-
Tempabesi maneh, malih ngaku dadi wong Jawa-Sampung.

Ing taun Jawa Hwuning 205, wong-wong Jawa-Sampung wis akeh sing padha misah
maneh, bebadra sumebar ngidul-ngetan butuh panggonan sing luwih subur loh
jinawi ning bumi Nusa Mahameru; srana nyabrang Segara-supitan Kamput kang
jembar lerab-lerab wiwit Teluk-Popoh mengalor; mberemane Segara-supitan dadi
rawa bening lan rawa Gesikan terus mengalor ngliwati Tulungagung, Kedhiri lan
Kertasana; tutug Megaluh (Jombang) tumlaweng menggok ngetan ngliwati Plosso
tutug Teluk-Tarik anjog segara Medunten. Bumi Nusa Mahameru sapengetan tutug
Pegunungan Raung mau diganti aran dijenengake Nusa Jawa-Pegon, wonge uga
karan wong Jawa-Pegon.
Ing taun Jawa-Hwuning 205 kuwi wong Jawa Kraga sakwise Pitung-turunan (Anak,
putu, buyut, canggah, wareng, udheg-udheg, gantung, siwur) wiwit saka Putri Nie
Rah Kie, cacah jiwane wong kono mau wis dadi akeh banget; mandar omahe wong
Pandhangan tutug Narukan wis jejel riyel. Mulane wong-wong mau banjur padha
misah tertruka ning bumi sengkaning-gunung saurute Pegunungan Ngargapura kang
lelowahe subur banget kethukulan pring-ori dhedapuran bunge nrecel riyel. Ring
ilen-ilen banyu kang muleg-muleg selane watu-watu akeh iwake-jambrung pating
sriwed nyisili lumute watu.
Semono uga wong-wong Trah-tedhake Putri Nie Rah Kie krandhan gisik uga melu
pindhah bebadra; sarehne wis kulina urip ning bumi Belahan mula gemang melu
tertruka ning bumi sengkaning-gunung, milih panggonan sing nyangkleg segara
yakuwi ning perenge Gunung Ngargapurasing sisih lor (Kecamatan Sluke) kang
ngungkurake juran jero lan rungkud; desa kuwi disenengake: Terahan (Trah =
tedhake Putri Nie Rah Kie). Bumi sing banthak wujud gisik mawa Teluk kanggo
mangkal prau-prau manca sing padha mampir arep ngapek banyu omben, mbanjur
katelah aran desa Pangkalan.
Wanita Terahan lan Pangkalan kuwi misuwur akeh sing manis-ayu, sarta isih padha
nerusake naluri Adatcarane Wanita Leluhure ing Tanjungputri; wanita-wanita mau
padha seneng nandur wis kembang Melathi kembange kanggo ngrengga raga yen
dhong nekani Pahargyan, yakuwi nganggo cundhuk Melathi-sisir nyisip nglaweng
ning gelungan, sesumping Melathi-ronyok, kalung ronce gegombyok kembang
Kanthil; dene pedinane saben rampung reresik-awak mesthi cundhukan kembang
Melathi kuwi. Tumrap wong-wong Priya kanggo renggan Omcen-oncen Surengpati
dikalungake ning mendahake Keris. Yen pinuju dina Suci kanggo sawur-nyadran
ning kubure Sembok-Semak, uga ning Pundhen-Leluhur Nyai Dhanhyang/Kaki

Dhanhyang sing cakalbakal desa; disajeni ubarampe sajen sapepake lan karangan
kembang Melathi sarta kutug dupa pratus-wangi.
Tutug jaman-saiki para Wanita Wirya Wicaksana sing rumasa isih Trah-tedhak
Tanjungputri senajan dedunung ning negara kana-kana, senajan sauwit-wong uwit
para Wanita mau isih merlokake nandur kembang Melathi; utawa ngrengga sarira
ngagem kembang kang ngresepake-ati kuwi. Minagka sarat ngluhurake drajad, sarta
mengeti memundhi asmane Putri Leluhure, yakuwi Putri Nie Rah Kie, Dattsu Dewi
Sibah, sarta Maharani Bre Lasem I Dewi Indu Purnamawulan; lan Putri-puri Kriyan
putra Eyang Mpu Guru Pr. Santibadra. (Suwargi putri Cempa Bie Nang Tie lan putri
Malokhah uga sengsem melu ngagem kembang Melathi kuwi). Uga Raden Adjeng
Kartini.

SIGEG

III. Jaman KUNA-KOBRA
(Ing taun Jawa-Hwuning: 230 Masehi: 1)

Kacarita ing sawijining bengi nalikane wong-wong Pambelah Pandhangan lagi
padha jejagongan ning gisik kang ngilak-ilak, padha omong-omong nyatur. Kawitane
nggone ndarat Leluhure ning gisik bumi Pandhangan kono kuwi dietung-etung wis
ana 10 = sepuluh turunan.
Ketitik neng blandar-tongciet dalem Pedhanyangan Tanjungputri ana toletan-enjet
230 dulit (=1 dulit = pendhak Labuh = 1 taun); toletan kuwi minangka papeling
nggone ndarat Leluhure lawase wis ana 230 pendhak mangsa labuh (=230 taun).
Nggone ngetung 10 tutunan kuwi wiwit saka Dhanhyang Kie Seng Dhang. Nalika
padha jejagongan kuwi dumadakan wong-wong mau padha kaget sebab weruh

Kaelokan: Ning langit tencebing cakrawala sisih lor-kulon ana sorote Lintang-
kemukus nglandeng sumorod ngidul-ngetan, ngliwati sandhuwure segara Jawa lan

segara Kening.
Wayah esuke wong-wong padha umyeg nyatur wahanane Lintang-kemukus mau;
ana wong sing nyarawidekake ning Nujum sing waskitha, wedhar wasitane: “Neng
Bawana negara Maghribi rajane lagi nglumpukake Kawulane mlebu ning kutha, perlu
diwilang cacah-jiwane. Ana kang sejodho, sing lanang pagaweyane tukang-undhagi;
sing wadon lagi ngandheg tuwa, wong mau ora keduman pondhokan mung entuk
panggonan kandhang wedhus pinggir desa. Dumadakan ning kandhang kono wong

wadon mau mbabarake jabang-bayi lanang; wecane Sang Nujum: “Besuk jabang-
bayi kuwi yen wis diwasa bakal dadi Raja Binanthara-nyakrawati, nanging ora

kagungan Keraton ora tau pinarak dhampar-kencana, ora kagungan prajurit kang
asikep gegaman perang; nelukake musuh ora kanthi merangi lan milara, mung
kanthi Perbawa (Ambek asih pari-tesnane). Gesange ora kagungan Wibawa
(Kamulyan sugih rajabrana), mung nyandhang sapala kandhang langit kemul mega
ngumbara ndlajah desa milangkori, medhar Wasita “Begja Rahayu”. Wong-wong
Pambelah mengeng nggagas wahanane weca sing aneh banget ngono kuwi. Let
seminggu sawise wong-wong Kraga padha weruh Kaelokan ngono mau, wong
Sampung akeh sing padha ngimpi; rumangsane akeh iwak Pesut-Lodhan lan
Bantheng padha ngamuk liwung ngrusak Banjar Sampung ngebrukake omah lan
nguber-uber wong padha dipateni.

Ora gantalan dina sawijining bengi angler-anglere wong padha turu dumadakan ana
prahara gedhe; angin sindhung-riwut segara Jawa lan segara kening kaya dilebur,
alun gedhe gumulung nglanjak dharatan lan Teluk Lodhan; perenge Gunung Ngarga
sisih wetan padha longsor. Thukule prahara gedhe ngono kuwi sabab Gunung
Agung Sengkapura njeblug (Ing taun Jawa-Hwuning 230 = Masehi 1). Pulo Baweyan

Sengkapura sirna separo, mblabare blegedaba muncrate lumpur-panas lan watu-
watu mengangah kontal ning angkasa, sarta udan awu sumebar tutug ngendi-ngendi

ngurugi Segara Jawa. Teluk Lodhan malih dadi dharatan Kragan, Sarang, Sedhan
(Kabupaten Rembang). Segara Kening malih dadi dharatan Pesisir Lor Kabupaten
Tuban. Ing sisih kidul nyisa mberemake kali-gedhe (Bengawan Solo) wiwit Kradenan
ngglendheng mengalor tutug Cepu, nuli mbelok mengetan dadi bengawan Kethek;
mbanjur amber dadi rawa Widhang tutug bumi-embet Pangkah/ Sidayu, iline muntah
ning Segara-supitan Medunten.
In taun Masehi: 50 dharatan tilase Segara mau wis malih dadi alas-bebondhotan
kaselanan palakirna warna-warna. Wong-wong Tanjungputri salore Ngargapura
wiwit padha wani lan seneng bebadra bubak desa ning Pesisir-lor Segara kening,
sing bumine sela-selane watu-gamping tutug tepise segara padha ngetuk, mbrubul
banyune tawa bening nyarong. Bumi bubakan mau dijenengake, desa Mituk (Saiki
dadi desa Beti = Bektiharjo).
Ing taun Masehi: 100, desa Mituk kuwi wis dadi Banjar gedhe mbanjeng mengalor
ngliwati bumi pagenengan sing lemahe warna Kuning semu Abang; sarehne wis
dadi Banjar gedhe tur nyangkleg segara, para Pambelah/ Nelayan nggawe plabuhan
ning pesisire; plabuhan kuwi dadi bantarane para Pelaut/ Pedagang saka manca
negara, padha gancol sarupane barang-kebutuhan bisa tinemu ning pasar Mituk
kono. Misuwure ning negara-manca, banjar kuwi ora diarani banjar Mituk, nanging
diarani banjar: Sitijenar. Wong-wong saka Tanjungputri Jawa-Hwuning kang cacah

jiwane luwih akeh, padha saeka-praya ngangkat sawijining wong Wegig Wiled Trah-
tedhak Tanjungputri, asmane Hang Tsu Hwan, diwisudha dadi Dhatu (kepala Adat)

banjar Sitijenar. Nalika pamisudhan dikepkyakake, Dhatu Hang Tsu Hwan
ngundhangake ning para Sumewa; papan Pasawuwan-agung mau didadekake
punjere kutha Sitijenar, dijenengake Kutha Begja-Agung (ucape umum salah-kaprah
ngarani Bejagung).
In taun masehi: 107, Dhatu Hang Tsu Hwan wis bisa ngirup Banjar-banjar pesisir-lor
tanah Jawa, kutha Begja-Agung nuli didadekake punjer Pangesuhe banjar-banjar
mau; dijenengake Negara Jawa Purwa. Wiwit jaman pamrentahan Hang Tsu Hwan
wong-wong Nusa Jawa-Pegon kuwi wis akeh sing padha nggrancol ning Banjar
Sitijenar, pangesthine Nusa Jawa-Pegon kuwi supaya luluh dadi siji karo negarane
Dhatu Hang Tsu Hwan (Nggone ngarani ngaub pangwasane Dhatu Hang Tu-Ban =
pamrentah Tuban.

SIGEG.
IV. Jaman JAWA-DWIPA
(JAWA-Pegon lan JAWA-Purwa)

Ing taun Masehi: 110, bumi Jawa-Pegon kuwi dihoregake Lindhu prakempa
marambah-rambah asale saka Gunung Kamput; gunung kang ngongkang Segara-

supitan Kamput padha horeg ngengkrog-engkrog sora banget, bregad-gedhe pada
rungkat rubuh pating slayah; perenge gunung-gunung pada longsor nglongsori
Segara-supitan Kamput. Liya dina kawuwuhan Gunung Kamput njeblug ngetokake
blegedaba bulah-bulah mawalikan mblabar ning Segara-supitan; udan awu sumebar
tutug ngendi-endi. Wong-wong Sitijenar nyawang langit peteng kaya kesaput
mendhung ngendhanu ngono kuwi padha miris banget, ora ana wani metu saka
ngomah sabab bledug-awu ngampak-ampak mlepegi napas, godhong gedhang
padha sengkleh kabotan awu nemplek nglapis lumahe.

Bareng wis klakon setaun kaanan sing mengkono mau wis sirep tidhem, Segara-
supitan Kamput katon malih dadi ciyut kali sapralimane, ganti wujud dadi bengawan

ambane bisa disabrangi nganggo gethek-gedebog; wong-wong menehi aran: Kali
Brantas (Nalika Taun Masehi: 111).
Wong-wong Nusa pegon sangsaya wuwuh adrenge nggone nedya manunggalake
negarane karo negara Jawa-Purwa, mula nuli padha usul ning Dhatu Hang Tsu
Hwan. Saka kawicaksanane Sang Dhatu pamonthane wong-wong kuwi enggal
dileksanani, kanthi disekseni wong-wong saka negara liya, Gembleng cawuh
manunggale negara Jawa-Pegon karo Jawa Purwa (P = (aksara Jawa) = loro)
dijenengake: Nusa Jawa-Dwipa. Nalika taun Masehi 115.
In taun Masehi: 385, wong-wong banjar Terahan sing cacah jiwane wis padhet,
padha lunga misah bebadra cakalbakal ning bumi Argasoka, yakuwi perenge
Gunung Ngargapura sing sisih kulon; papane ngongkang Segara-teluk, sing sisih lor
kadhangan Punthuk Ngendhen, Kecamatan Lasem. Segara-teluk kuwi mbanjeng
mengetan nuli mbelok mengidul urut perenge Pegunungan Argasoka, ning pepereng

pegunungan kono kuwi akeh wite Pucang lan Resula blukange warnane kuning-
gadhing tuwuh nggenggeng ledhung-ledhung. Saka bumi bubakan kono yen

nyawang mengulon katon Pulo Maura dikilung segara, pulo kuwi wujud gunung-
gedhe masung pucake mawa kawah-geni ngetokake kukus kumebul nglandeng ning

langit; ing sisih kidule katon benggang karo pegunungan Sukalila-Prawata keledan
Segara supitan Maura. Wong-wong bebadra kuwi dipangarsani kanoman umur 35
taun asmane Hang Sam Badra, sawijining Klana kang adoh tebane ning Sabrang lan
Negara kana-kana. Mula kuwi dening wong-wong bebadra mau mbanjur ngangkat
dheweke diwisudha dadi Dhatu ning kono; bumi cakalbakal kuwi katelah aran
Pucangsula (Saiki tilase dadi desa Logadhing-Sriamba, Kecamatan Lasem). Sawise
desa kono madeg 15 taun malih dadi Banjar-gedhe sebab akeh wong neneka saka
negara Sabrang melu bebadra ning kono; wong-wong manca mau sawise kumpul
srawung karo wong Pucangsula, temahan padha malih ganti seneng ngrungkepi
Kapercayan-Suci Hwuning lan Budibudaya Jawa, wekasane mbanjur luluh dadi
wong Jawa-Dwipa.
Wiwit bebadra dadi Wong Jawa ning Tanjungputri ing taun Jawa-Hwuning: 1 nganti
bebranahan mencar sumebar sepegunungan Kendheng Ngargapura suwene wis
617 taun, durung ana wong Wegig gong Wicaksana mulangake medhar Larasing
Kapercayan-suci Hwuning. Wong-wong nggone ngrungkepi ngedhep/ manembah
Hyang Tata Maha Das kuwi yaa mung atut-grubyug kaprah lumrahe wong akeh
padha krukunan nindakake Tatacara susilatama lan setya ning Negara. Lagi jaman
madege banjar Pucangsula kuwi Kapercayan-suci Hwuning bisa dingerteni/diwikani
dilelaras
dening para Wegig, para Pandhita; saka leladi pangastutine Panembahan Guru

Dhatu hang Sam Badra kang merlokake nyambi mulang para Kasepuhan Kanung
(=sengkaning gunung); ing taun Masehi: 387, manggon ning Pasraman punthuk
Punggur Gunung Tapa’an (Desa Warugunung, Kecamatan Pancur, Kabupaten
Rembang).
Ing taun Masehi: 390, Dhatu Hang Sam Bandra nggawe plabuhan lan galangan-prau
(=dhak-palwa) ning Sunglon Bugel utowo Gunung Bugel (Tilase saiki dadi pategalan
lan kali aran Palwadhak; sakidule desa Tulis, Kecamatan Lasem). Prau-prau kuwi
kanggo sesambungan Pemrentahan Pucangsula karo Banjar-banjar wilayahe
saurute pesisir Jawa (Pantura), wiwit banjar-Losari teluk-Tanjung (Kabupaten
Brebes), mengetan tutug banjar-Rabwan (Kabupaten Batang) lan Banjar-Tugu
(Kabupaten Semarang), nuli banjar Purwata lan banjar-Tanjungmaja (Kabupaten
Kudus), gisike pulo Maura sisih wetan yakuwi banjar-Tayu lan banjar-Blengon
(Kecamatan Kelet, Kabupaten Jepara). Plabuan Pucangsula dumunung saelore
galangan prau digawekake Gapura madhep mengulon ngadhepake Segara-teluk
Kendheng (Saiki dadi desa Gepura) saka gapura kono digawekake ratan ndladag
urut urut perenge Pegunungan Argasoka tutug punjere kutha Pucangsula.
Pangwasane Dhatu Hang Sam Badra dibantu Putra-putrine isih kenya yoswa 22
taun, rupane ayu banget pindha Widadari Wilutama; asmane Dewi Sie Bah Ha
(=Sibah); sang Dewi ngasta pangwasa Angkatan Laut Segara Jawa-Dwipa kanthi
kekuwatan Kapal-perang sing prajurite dumadi saka wong-wong kang kenthug kuwat

lan pinter ulah kridhane perang, kanthi sikeb gegaman kang ampuh mawa racun-
aneh; negara liya ora ana sing duwe lan ara ana sing bisa nggawe. Sang Dewi melu

nylirani lelayaran ning samodra kanthi nitih Kapal-gedhe kang mligi dinayakani
prajurit Wanita sing wanter lan kendel, uga sikeb gegaman kang mawa racun wujud
Tulup-paser sing bisa nylorod adoh; sarta patrem-Tubrem yen disawatake musuh
lamun mlesed, patrem mau bisa munyer bali maneh niba sacedhake sing nyawatake
(Kaya bumerang). Wondene juru-mudhine sarta tukang welahe Kapal-kaputren mau
wong lanang kang kuwat lan bandhol, nanging dipilih wong sing Peloh lan wis ilang
prasa-Asmarane. Mula negara manca mau padha wedi lan sungkan ning Dewe
Sibah lan negara Pucangsula.
Sang Dewi nggone ngwasani segara Jawa-Dwipa kanthi nggunakake kapal-perang
kuwi perlu nganggo nglabrag nyirnakake Bajag-bajag kang gumendhung lan
kumendel sing mung nggunakake prau-prau knothing sarta gaman pedhang lan
clengkreng, dumeh praune bisa cukat rikat kanggo ngoyak prau-prau dagang
memangsane utawa ndarat mrawasa Desa.
Bajag-bajag sing nggawe werid rengkede Segara-supitan Medunten kuwi wekasane
sirna sa-Benggol-benggole lan sasudhunge. Wasana pesisir Segara Jawa-Pegon

sisih wetan mau dadi tidhem lerem, banjar-banjar bisa bali madeg kanthi tata-
tentrem sarta bisa sesambungan karo Pemrentahan Pucangsula.

Putri Sibah saliyane nyirnakake Bajag-bajag, merlokake narik Upeti ning kapal-kapal

dagang kang liwat segara Jawa; isine kapal sing rupa beras lan pari sarta sembet-
tenun cita-sutra uga gaman-pertukangan, ditarik upeti sapra-limane; sing gemang

mbayar mesthi dilabrag ditelukake kapale dibeskup. Nakodha kapal sing rupane
bagus utawa penumpang sing bagus mesthi ditawan dilebokake kamar-kamar
Kaputren. Kawegigan lan Kaprawirane wong-wong bagus mau didadar dening Sang
Dewi; yen bisa lulus pendadarane sarta bisa ngalahake kasektene Dewi Sibah rila
dadi jatukramane. Sabalike yen kawitan didadar Kawegigan wis ora lulus, wong

tawanan kuwi nuli diwetokake saka kamar pendadaran dipasrahake Nayaka-wanita

kapal Kaputren; mangsa borong digawe apa kono. Ora nganti sesasi neng kamar-
tawanan pangwasane Nayaka wanita mau, awake wong-bagus tawanan kuwi malih

rusak ora kuwat ngglawat; wekasane nuli dijegurake samodra dadi mangsane iwak
Undhuk-undhuk-gedhe kang rakus banget. Misuwure jare digawe sajen Ratune Jim
Dhuyung-jaran, sing nguwasani Samodra Jawa-Purwa. Mula kuwi kapal dagang sing
liwat segara Jawa gamang nggunakake Nakodha sing bagus rupane; dene wong
bagus penumpang sing wani nekad mati-mati yen wis ngerti rasane ngalami
nyatane, yaa sumangga mangsa borong!!! Asmane Dewi Sibah nganti kaloka ning
negara Sabrang kana-kana, sang Dewi nganti diparabi: Mani Dattsu Asva Dev,
tegese Mustjikane Dewi-bajag Dhuyung-jaran.
Wong-wong tanah Jawa wiwit jaman Kuna-makuna mula sing mung kulina mangan
sega-jagung, sega-canthel, lan rupa-rupa palapendhem, sawise ngenal Pari lan
mangan Sega-beras olehe narik upeti saka wong dagang negara Siyem lan Cempa

lembah Bengawan Mekong, sang Dewi Sibah nuli mrentahake lan nyontoni wong-
wong wadon Pucangsula diajak wiwit nandur pari lan adang sega-beras (wiwit taun

Masehi 396), wiwi jaman kuwi wong-wong Jawa padha nganggep Dewi Sibah kuwi
titise Widadari-pangan utawa Dewine Pari, iya Mbok Dewi Sri (Wong Sunda ngarani:
Sang Hyang Seri). Uga ing sajrone taun 396 kuwi, ing sawijining dina kapale Dattsu
Dewi Sibah dhog mangkal ning gisike Nusa Jawa-Dwipa bontos kulon wates gisike
Negara liya bontos wetan, dumadakan ana wong bagus isih enom menganggo ciri
Rsi marani kapale sang Dewi; wong kuwi nuli ditakoni Nayaka kapal Kaputren:
“Ana wigati apa? Asmane sapa? Saka ngendi pinangkane?”
Jawabe Rsi bagus:
“Perlu arep nunut ning Nusa Jawa-Dwipa, nedya mulang nyebar Agama Hindhu

Shiwa. Asma: Rsi Agastya Kumbayani. Asal saka negara Menak, krajan Idriya-
Satwamayu.”

Sang Rsi ditampa diwenehi panggonan ning senthong-tamu Kapal Kaputren; sawise
kapal-kapale Dattsu Dewi Sibah mancal bali ning Nusa Jawa, Rsi Agastya nuli
didadar Kawegigan sakehing ilmu dening Sang Dewi; sajroning telung dina bisa
lulus. Nuli ganti didadar Kasektene lan Kaprawirane perang, jebule Sri Dattsu sing
mandar kasoran nganti lemes daya kakuwatane; saking ngrasa wirang Dewi Sibah
munthab bramantya mawinga-winga, nuli ngunus Curiga-racun kang bisa nggawe
pati kanggo mungkasi pendadaran.

Sapandurat Dattsu-ayu nyawang praupan baguse sang Rsi netrane sing mulem-
tajem, polatane tetep sumeh jatmika ora nggragap ora miris nyawang landhepe

curiga; uga ora males bramantya sumringah ngangah-angah, mandar sorote netrane
kang aliyep-asmara nrawung nembus jantunge Sang dewi; ndadekake panone Sang
Dewi sumrepet peteng kantaka, raga lemes niba ning jrambah palagan; curiga
gogrog uwal saka astane. Sang Rsi trengginas nyaut Sang dewi dibopong
disarekake ning tilamrum; bareng Sri Dattsu punggun-punggun wungu marlupa,
Sang Rsi nglelipur ngrerapu sarta nyepat-domba nagih janji sayembarane, nanging
dileksanani yen wis tutug dalem kedhaton Pucangsula disekseni Rama-Ibu sarta
para kadang kadeyan kawula-dasih.
Para Kenya Nayaka kapal kaputren padha rerasan ngungun banget, adat saben lagi
telung dina wae wong Bagus-tawanan wis mesthi diwetokake dipasrahake ning
Nayaka Putri; nanging wektu kuwi nganti pitung-dina pitung-bengi tawanan Rsi

Bagus kuwi kok ora diwetok-wetokake; weruh-weruh jebul kapale wis padha labuh
ning Pucangsula, Sang Dewi Dattsu wis runtung-runtung sekalihan karo Rsi Agastya
tumuju ning Kedhaton dipethuk Rama Ibune. Dhatu Hang Sambadra sakulawargane
padha mengayu-bagya karenan ing galih, dene Sang Putri wis entuk calok jatukrama
isih enom bagus rupane tur sembada sakabehane. Pahargyan palakraman let telung
dina nuli dikepyakake. Sang Rsi cumondhok kumpul Maratuwa nganti rong taun,
mandar Dewi Sibah lagi karo-tengah pendhak wis ngemban mutra kakung, diparingi
asma: Arya Asvendra. Rsi Agastya nggone arep mulangake Agama Hindhu Shiwa
Maha-Dewa nedya diterusake dhasar Maratuwane maringi panggonan ning bumi
Rabwan tutug Batur. Nanging sawise klebon ilmu Kapramanan Jawa-Hwuning saka

Maratuwa lan saka Garwane, pikire arep mulangake Agama Hidhu Shiwa Maha-
Dewa malih luntur; nedya diganti mulangake Agama Hindhu Shiwa Guru-Dewa,

mikani Dhiri-pribadi lan jantraning dumadi; sarta pangastuti bekti ning Sembok-
Semak.

In taun: 412 Masehi ana Klana Sramana Agama Buddha asama: Pha Hie Yen
lelayar saka Nalandha India, nedya bali mulih ning Tsang-An (Tiongkok);
dumadakan lagi tutug Samodra Jawa-Dwipa ana angin topan gedhe, praune nuli
mangkal ning plabuhan Pucangsula nyuwun tulung lereb ning kono sasuwene angin
prahara durung sirep; Sramana Hwesio Pha Hie Yen ditampa disesuba dening
Dhatu Hang Sambadra, saben dina diajak wawan-sabda bab rupa-rupa
pengalamane Sang Hwesio nggone lelana ning manca-negara. Hwesio Pha Hie yen
nyritakake Piwulange Sang Guru Agung Sidharta Buddha Gotama, yakuwi: Sranane
bisa manjing Nirwana supaya medhot blenggune kadonyan; kanthi liwat laku kang

aran: Astha Arya Marga, tegese Laku Agung Wolu. Piwulang kuwi mirib Kapercayan-
suci Jawa-Hwuning kang dirungkepi dening Pendhita-pendhita siswane Dhatu Hang

Sambadra wong saka sengkaning-gunung, yakuwi: Sranane bisa nggayuh
Katentreman supaya medhot Pangangsa-Pepenginan; kanthi liwat laku kang aran:
Endriya pra Astha, tegese Tumemen ning Budipakarti Wolu. Mula Dhatu Hang
Sambadra karo rayine Pandhita Jana-Bandra sayuk banget nggathukake intisarine
piwulange Sang Buddha kuwi cawuh-luluh karo larase Kapramanan Jawa-Hwuning.
Ing taun Masehi: 415, Dhatu Hang Sambadra seleh kedhaton, pemrentahan
Pucangsula dipasrahake Dewi Sibah diwisudha ditetepake dadi Dattsu-agung
(=Prabu-putri). Rsi Agastya dadi Kepala banjar Rabwan lan banjar Batur tutug
Pegunungan Dieng, kebawah negara Pucangsula, uga adhike Dewi Sibah asma:
Dewi Sie Mah Ha (=Simah), kang dadi Adipati-anom Medhangkamulaan teluk Lusi
(kabupaten Blora) diwisudha diangkat dadi Dattsu, dipindah ning banjae-gedhe
Blengoh didadekake Keraton keling (Arane woh-bogor wadon sing wis tuwa-alot, yen
isih enom diarani Siwalan). Saiki tilase dadi ara-ara Keratonan desa Blengoh,
Kecamatan Keled, Kabupaten Jepara. Pangwasane Dattsu Simah diwarangkani
kakunge aasma: hang Saburadhampuawang Segara Teluk Kendheng lan samodra
Jawa. Sarta diemong diayomi Rama-paman Bhikku Buddha Kanung Janabadra ing
Pasraman Tunahan. Nalika Dewi Sibah wis jumeneng dadi Dattsu Pucangsula, sang
Dewi yasa Udhang-undhang tata Budibudaya Jawa Hwuning ditetepake dadi
Pranatane negara Pucangsula; saben sesasi sepisan diwulangke ning para Pandhita
sengkaning-gunung Kendheng Ngargapura, manggon ning Kedhaton Pucangsula.
Undhang-undhang kuwi dijenengake: Endrya pra Astha, ngrungkepi piwulange
Ramane nggone nggawe jeneng Ilmu kuwi (Undhang-undhang ditetepake ing taun

Masehi: 416). Para Pandhita para Kasepuhan nerusake mulangake Ilmu-pranatan
mau ning para Siswane, sumrambah wong-wong kang maju-pikirane ning desa
sengkaning-gunung. Ing pemburi taun-taun sabanjure wong-wong kang padha
ngrungkebi nyeceb Ilmu Endriya pra Astha kuwi kasebut aran Wong Kanung. Isine
Undhang-undhang pranatan kuwi ana 8 (wolung) bab:
Unen-unen Pranatan yakuwi :
• Tunemen nyambut gawe ngudi rejeki kanggo murakabi Brayate, lan ora srei drengki
kemeren ning liyan.
• Nyembah mundhi-bekti ning wong tuwane-sakloron; sambat nyebut: Adhuh
Sembooooook, Gusti kula! (=Sembok kuwi wong sing bagus atine sa-ndonya),
Adhuh Semaaaaaak, Pangeran kula! (=Semak/Bapak kuwi pangengerane wong
sagotrah anak-bojone).
• Ngleluri mundhi Pundhen Nyai-Dhanhyang Kaki-Dhanhyang sing cakalbakal
desane. Sarta emoh nganggu Manuk-manuk sing padha manggon ning bregat
Pundhen, utawa ning bregat-bregat liyane kana-kana.
• Sayuk rukun karo tangga-teparo lan sadulure, bebarengan gotong-royong ing wulan
Purnama Badrapada; bresih desa, ratan, sendhang, karas pekarangan; sarta
memetri nguri Bregat (=September).
• Mangastuti rembugan nggathukake pinemu, kanggo pituduh mbangun majune
Desane, lan njaga kaamanane.
• Nguri-uri ngluhurake Budipakarti Seni-Budaya Jawa.
• Mikani ning Bumi dununge kabeh Titah kasinungan Sang Urip kang Maha Esa,
mikani ning Langit dununge/ manunggale Urip Agung Sang Nyawa kang Maha Das.
Wong mati ragane dadi Mayit lebur ing Bumi, Jiwane dadi Yitma nunggal ning
Langit.
• Setya pranatane Negara lan Sabda wasitane Sesepuh Agung Manggala Praja.
Eyang Dhatu Hang Sambadra sawise misudha Putra-putrine nuli nilar praja dadi
Sramana dhedhepok ning punggur Gunung Tapa’an, lan mulangake Ilmu
Tatapranatan Endrya pra Astha ning para Siswa Wong-wong Kanung. Pasraman
Gunung Tapa’an kono digawekake Tamansari tinanduran kembang-kembang
maneka-warna: Mlathi, Kanthil, Gadhing, Kenanga, Mawar, Pacar-kuku, Kemuning,
Gambir. Neng kono akeh Bregat ngrembuyung edhum, padha dienggoni nusuh
manuk-manuk rupa-rupa; pakange bregat kethukulan: Aggrek, simbar lan kece
pating grembel. Tarulata padha mrambat pepuletan pating klewer, kembange
selang-seling putih biru, jambon lan wungu. Taman-sari kuwi dijenengake: Taman
Argasoka; para cantrik, cekel, manguyu padha surti gambyak ngrawati Taman-sari
kuwi.
Eyang Panembahan Hang Sambadra dadi Sramana ning Gunung Tapa’an kono
tutug sepuh, seda ing taun Masehi: 425. Awu layone dipetak (dikubur) dadi sakluwat
karo Reliqe Eyang Dhanhyang Kie Seng Dhang ning satengahe punggur Pudhen

Tapa’an; ditengeri Watu-alam tilas pamujane Nini Ampu, watu kuwi nongol sa-
ndhuwure gumuk Pundhen. Sawise Eyang Panembahan seda, negara Pucangsula

akeh owah-owahan wiwit ing taun Masehi: 426.
1. Dattsu-Agung Dewi Sibah ngangkat putra Arya Asvendra dadi Dhatu-anom
Pucangsula, manggon ning bumi Gebang sunglon Bugel. Arya Asvendra ngrungkepi
Agama Hindu Kanung Shiwa Guru Dewa wulangane Ramane, ning punthuk Gebang

dheweke nggawe:

• Pamujan, Lingga-Yoni nglambangke bakti-tresnane ning Sembok-Semake (Ibu-
Ramane).

• Pamujan Lembu-Nandhi ndepok, nglambangake Tatakan kekuwatane Kawula-
rakyate.

• Pamujan reca Dewa Shiwa Guru Dewa, nglambangake Ramane: Rsi Agastya kuwi
Guru-Agung Ilmu Kaprajan lan Kasekten-mandraguna.
• Pamujan reca Ganapati Dewane Kawicaksanan putrane Bathara Guru,
nglambangake: Slirane dhewe kuwi putrane Guru Rsi Agastya.
2. Angkatan Laut Pucangsula dipindhah ning negara Keling dikwasakake Dewi
Simah, dibantu garwa hang Sabura; nanging isih kebawah negara Pucangsula.
3. Rsi Agastya diwisudha diunggahake dadi Dhatu Batur, punjere banjar didadekake
kutha aran: Batur-retna. Banjar Rabwan dadi Plabuhane negara Baturetna.Let
sawetara taun wong-wong Endrya-Satvamayu krungu warta yen Rsi Agastya
jumeneng Dhatu ning negara Baturretna, wong-wong mau banjur akeh kang padha

nusul pindhah bebadra ning bumi Dieng kang subur digawe ulah petanen. Wong-
wong kang ora dadi tani, diprentahake nyambut gawe ngumpulake wlirang saka

peperenge kawah Dieng; wlirange kanggo pedagangan negara Baturretna
diganjolake barang-barang petukangan lan kain sutra karo Pedagang saka negara
China, liwat plabuhan banjar Rabwan. Negara Baturretna bareng dadi gedhe lan

makmur, Dhatu Rsi Agastya nuli mrentahake tukang-tukang ahli pahat batu wong-
wong saka Endrya-Satvamayu, diutus nggawe Candhi sepirang-pirang; saben

candhi mawa reca Shiwa Bathara Guru; dununge candhi ning bumi punggur Gunung

Dieng. Saben candhi kanggo Pamujane Sramana Shiwa Guru saka Pasraman kana-
kana wilayahe negara Baturretna. Kaendahan lan kaelokane Pasraman Dieng kang

akeh banget candhine Shiwa Guru Dewa, kang kinilung tlaga lan gunung-gunung
sesawangane ngresepake ati. Para Sramana menehi jeneng: Pasraman-agung
Endrya pra-Astha.
4. Dattsu-agung Dewi Sibah nayogyani ning kaipe Hang Sabura nedya ngedhuk
wlirang ning bumi leluwah sawetane Gunung Dieng, sarta nggawe desa ning saelore
Kejajar kanggo panggonane wong-wong kang padha nyambut gawe ngedhuk
wlirang mau. Wlirang kuwi uga diganjolake karo Pedagang saka negara China.
Pengangkutane wlirang digawekake dalan liwat: Jlumprit, Adireja, Candhirata,
Sukareja, mengetan ning Singaraja nuli nganti diemot prau liwat bengawan Bodri.
Sungabane bengawan-Bodri ning teluk Bodri segara Jawa digawe plabuhan dagang
kang sesambungan dagang karo negara Sabrang kana-kana; papane Teluk Bodri
kuwi diapit-apit Punthuk-punthuk gunung Singaraja, kaanane luwih sembada omber
banget nyenengake tinimbang plabuhan banjar Rabwan. Mula pedagang wlirang
kliwat plabuhan Bodri kuwi malih luwih reja lan maju.
Saka anane sesambungan dagang wlirang karo negara-negara China, negara loro:
Keling lan Baturretna kuwi malih dadi sugih lan makmur. Nanging mbanjur nukulake
kamurkan, sii lan sijine rebut nguwasani: “Kriwikan dadi Grojogan”. Wekasane dadi
perang bandawala. Ing taun Masehi: 436. Sarehne Kawula-rakyat sing dijak bebadra
biyen nganti dadi negara Keling lan Baturretna kuwi, asal-usule sedulur wong
Kanung Indriya pra Astha Pucangsula, mula peperangan kuwi katelah aran: Perang
sedulur Endriya pra Astha.

Ing sajrone perang brubuh Rsi Agastya gugur ning palagan, wong-wong Baturretna
saprajurite padha giris buyar mlayu mulih asal-negarane ning Endriya Satvamayu.
Kutha Baturretna lan Pasraman Candhi Dieng sarta penambangan wlirang dijegi
prajurit Keling kang padha makuwon ning Adireja, pangwasane Dhatu Rsi Agastya
dadi cures ganti dikwasani Hang Sabura panglima Angkatan laut keling. Arya
Asvendra krungu yen ramane gugur sarta negarane dikwasani paman-Hang Sabura,

sakala pikire kobar nedya ngrebut negarane swargi-Ramane kang dadi hak-
warisane.

Sedyane Arya Asvendra wis dipenggak Ibu Dattsu Pandhita Dewi Sibah, nanging
meksa nglimpe Ibune; dheweke mbudalake prajurit Sandi liwat alas Rabwan lan
Bawang nusup mengidul nedya ngrebut Pasraman-agung Dieng dhisik, lan

panggonan-panggonan wlirang. Tiba apese Arya Asvendra, lagi bisa nrobos beteng-
pungkuran Candhi dheweke wis kena tulup-paser mawa racun saka Prajurit-seluman

Keling kang padha njaga Candhi. Wasana Arya Asvendra gugur ngrungkepi
sangarepe Candhi Sumbadra pamujane Sramana saka Pucangsula, prajurite Arya
Asvendra kang perang ning alas-gedhe Rabwan akeh kang padha gugur; mayite
pating glethak saenggon-enggon ning alas kono ora ana sing ngrawat, yitmane
klambrangan dadi memedi Setan-Roban.
Sebab saka anane perang sedulur kuwi, Dattsu–agung Dewi Sibah ngrasa angles
ing panggalih; ewuh aya ing pambudi. Arep ngrewangi negara Baturretna ateges

nataki garwa Rsi Agastya. Arep ngrewangi negara Keling ateges nataki sedulur-
adhik Dattsu Dewi Simah. Mula puntoning panggalih mbanjur nilar praja lumengser

mertapa ning Pasraman Taman Argasoka Gunung Tapa’an, pemrentahan
Pucangsula dipasrahake Pepatih; kang didhawuhi ora kena nyampuri urusane
Perang-sedulur. Dewi Sibah seda ing nalika taun Masehi: 445, awu-layon dikubur
ning Pundhen Gunung Tapa’an.

SIGEG

V. Gunung-Gunung JAWA-PURWA padha njeblug

In tahun Masehi: 450, Gunung Dieng njeblug; Candhi Pasraman-agung Endriya pra
Astha rusak korat-karit, para Sramana sing isih slamet padha ngungsi sumebar
saparan-paran ngumpul ning pertapan-pertapane Wong agama Hindhu-Kanung,
yakuwi wong Agama Hindhu kang muja nggawe pamujan Lingga-Yoni sarta Lembu
Nandhi ning Pertapan-pertapan sakubenge Pegunungan Gemawang (Kecamatan
Jumo, Kabupaten Temanggung).
Ing taun Masehi: 470, Gunung Ungaran nusul njeblug kawahe sing sisih wetan jebrol
nyisa dadi kawah-mati Rawa Pening. Bledegaba bulah-bulah gumulung gedhe
blabar ngalor-ngetan mlebu segara Jawa, gumulunge alun nyempyok gompenge
Pegunungan Kendheng-kidul, dadi pada longsor ngurug segara Teluk Lusi lan
segara Jawa; wasana mbanjur dadi dharatan Kabupaten Purwadadi, Kabupaten
semarang, Kabupaten Demak, Kecamatan gajah. Nyisa mberemane kali
Tanggulangin sing banyune wutah ning sunglon Welahan (Biyen desa kuwi isih
ngongkan segara Jawa). Banyu tuk saka sela-selane gompengane Kendheng-kidul
kuwi padha nglumpuk dadi kali: Jlagung Tuntang, Serang, Lusi lan Bengawan

Juwana/ Silugangga (=Jratun Seluna).
Kawahe Gunung Ungaran sing wis matigenine ngembos-embos njedhul ngalor

mengetan ning satengah-tengahe dharatan tilase segara Teluk Lusi; geni mau rina-
wengi murub gumrebet manther-anther ora ana pegote dadi Mrapen (Api-Abadi),

ning desa Mintheng, Kecamatan Gubug, Kabupaten Purwadadi.
Manut dongeng Legenda: geni Mrapen kuwi tilas besalene Empu Ramadi Dewa
tukang gawe keris; sawijining dina dheweke dijak ranjen para Dewa perlu ngethok
puncake Gunung Maha Meru kang tansah dipeneki Kethek-kethek padha dolanan
uthik-uthik lintang; Empu Ramadi ugik, merga lagi nggawe keris-pusaka Kahyangan

Suralaya. Wasana dadi perangrame Dewa-dewa padha ngrubut Empu Ramadi sa-
besalene diurug lemah kedhukane Gunung Maha Meru. Sarehne Empu Ramadi

sekti tan kena ning pati, senajan wis diurugi lemah saka puncake gunung,
ewosamana tetep isih urip sagenine besalen kang dadi geni Mrapen tutug wektu iki.
Bledegabane kawah Ungaran sing wis sirep ngembos-embos njebrot wujud endhut
manget-manget ngemu uyah, bola bali mlembung sa-kebo mbanjur mbledhos
kumeluk ngganda wlirang; rina-wengi nyuwara Bledhag-bledhug. Linede mblabar
ngamblah-amblah nganti salapangan-alun-alun, banyune lined dialap wong-wong
desa Kuwu, Kecamatan Kuwu/Wirasari, Kabupaten Purwadadi/Grobogan; digodhog
digawe uyah diarani uyah bledhug Kuwu.
Ing taun Masehi: 471, Gunung Maura (Murya) uga njeblug pegunungane sing sisih
kidul-wetan pedhot misah dadi Gunung Pati Ayam. Lambene kawah sing jebrol
blegedabane mblabar mengidul ngurug Segara supitan Maura, mbajur malih dadi
dharatan Kudus, Pati, Juana; nyisa wujud rawa-rawa gedhe wilayah Undhak’an lan
bengawan Silugangga.
Blagedeba sing mbludag mengetan nukulake alun omak gedhe nglanjak nyempyok
gompenge Pegunungan Ngargapura tumlaweng mengulon tutug Kayen; gumulung
baline ombak-gedhe nyered perenge gunung-gunung gompenge padha longsor
ngurug segara Teluk-Kendheng, wasana malih dadi tanah ngare: Kayen, Jakenan,
kaliori, Rembang, Sulang, lasem lan pamotan. Longsoran perenge Gunung
Ngargapura sing sisih kulon ngesuk bumi Argasoka, lemahe malik numpleg ngurug
desa-desa tegal pesawahan Pucangsula padha kependhem. (Saiki malih dadi desa:
Ngendhen, Lagadhing, Sendangsari, Topar, Klindon, Warugunung).
Kraton Pucangsula Endriya pra Astha kesered gumulung baline alun, sakehing
wewangunan, omah, candhi, kedhaton, lan liya-liyane keblebeg ambles satengahe
Ceruk segara Teluk Juwana; wasana padha sirna ludhes kakubur ning dhasare
segara. Mung nyisa pundhen Tapa’an kubur awu layone Kakek-moyang
panembahan Kanung, leluhure wong-wong Ngargapura Lasem; lan guwa-guwa tilas

pertapaan, sarta sawetara reca Lembu nandhi, Ganapati, Lingga; uga grewalan-
pecahan Altar-pamujan sisa tilas gempurane VOC kerja-paksa nggawe ratan-gedhe

Daendelsstraat nalika tahun Masehi: 1809-1810.
Sabanjure bumi Argasoka dadi pusa ora ana sing ngenggoni, wekasane dadi
grumbul bebondhotan rungkud sirung; kawuwuhan disirik wong dikhandhakake jare:
Kuwi lemah singit-sangar panggonane Setan Brahala Dhemit. Wong-wong Kanung
sing manggon Ceriwik lan pegunungan Sindawaya isih padha slamet, sing giris

padha ngungsi ning perenge Gunung Buthak Pamotan sapengulon tutug wetan
Todhanan; wong-wong mau ning bumi kono malih ganti aran Wong Kanor. Sing
manggon Todhanan sapengulon tutug Sukolilo, Kabupaten Pati sarta pulo-pulo
Rawa desa Kuthuk, Galiran, Kaliyasa, Ngelo, Karangrawa; malih ganti aran Wong
Sikeb (=wong Samin). Wong-wong suku Kanung, Kanor, Sikeb mau sanajan wis
ngalih ning kana-kana lan ganti arane Suku, nanging Adat-tatacara Budipakarti
Kanung isih tetep dirungkepi naluri leluhur Pucangsula Endriya pra Astha. Yen
didhawuhi Pamrentah-Negara mlebu Agama apa wae iya ora suwala mung manut

kersane sing mrentah. Nanging tumindake ya mung angger: Rubuh-gedhang, obor-
blarak = ora tulus suwe mlebu ning nalare.

Sawise 149 taun saka penjebluge Gunung Murya, owahe segara Teluk Serang lan

Selat Maura kang malih dadi dharatan, isih nyisa segara Selat Welahan lan Rawa-
gedhe Bengawan Silugangga, sarta Teluk Juwana; ngilung Gunung Maura. Bumi

dharatan anyar perenge Gunung Murya sing sisih kidul mau, luwih saka satus taun
wis dadi alas pejaten kang ngongkang Rawa-gedhe selat Murya. Ing taun Masehi:
620, bumi kono kuwi wis dienggoni wong bebadra saka negara Keling Dattsu Dewi
Simah, wong Pegunungan Ngargapura, lan wong Pegunungan Sukalila. Ana
kanoman gegedhug A.L. Keling kang isih Trah-darah turun kaping enem saka Hang
Sabura/ Dewi Simah, asmane: Hang Anggana; dheweke ngajak wong-wong Pelaut
negara Keling lan Petani pokol sing bebadra mau, dijak mbubak alas pejaten
nggawe desa lan plabuhan sing gisike nggenggeng karangkitri rupa-rupa, bareng
wis dadi desa karan: Getas-Pejaten, plabuhane karan: Tanjungkarang.
VI. Kawitane dumadine negara KUDUS

Ing taun Masehi: 645, sebab saka wuwuh rejane banjar Getaspejaten, Dhatu Hang
Anggana nuli ngelar panggonan kuwi mekar mengalor sarta yasa punjere kutha
nganggo asmane dhewekke katelah aran Rananggana (Rana + Anggana = Hang
Anggana bandhol paprangan). Saiki aran kutha: Kudus. Wektu kuwi wis akeh wong
saka India kidul negara Chola sing padha dagang-ganjol ning pasar Tanjungkarang,
wong negara Chola mau ngijolake: Babut-prangwedani gambar Pura/Candhi Hindhu,
lan minyak-wangi Yasmin/ Tagara, sarta pratus wangi; negara Rananggana ngijoli
kayu-jati glondhong, kapuk randhu lan lenga klenthik-klapa. Wong negara Chola
kuwi agamane Hindhu Shiwa Maha Dewa, jare Agama kuwi Agung luwih bener lan
luwih suci tinimbang Tata Budibudaya suci Jawa-Hwuning. Sabab saka sambung
rapete Penggedhe Rananggana karo Juragan-juragan negara Chola, wasana
Penggedhe-penggedhe lan wong dhuwuran.
Rananggana kuwi wiwit padha kapilut niru Kabudayane wong Chola mau; mlebune

Kabudayan Chola ning negara Rananggana ndeseg Tata Budibudaya suci Jawa-
Hwuning sing dianggep remeh lan asor. Sarehne kalah birawa kalah gebyar,

Penggedhe-penggedhe lan wong Enom-kutha sing umur 18 taun sapengisor padha
berag padha ngrasa gagah nggunakake Budayane wong sabrang Ngatas-Angin;
luwih-luwih para Wanitane padha anut-ngrubyug: “Kaya Belo melu seton. Kaya
bebek nyemplung kedhokan.” Nanging kawula rakyat Cilik ning Karangpadesan,
pegunungan lan bumi Rawa, ora mreduli ora nggubris anjrahe Kabudayan manca
ngono mau. Wong-wong mau mung botha-bathu mledreng nyambut gawe butuh
rejeki kanggo nyampeti krandhah anak-bojone.

Dhatu Hang Anggana sarehne wong wegig lan wicaksana, mula uga ngguyubi melu
mlebu Agama-Hindhu nanging dudu Hindhu Shiwa, dheweke ngarang Agama
Hindhu-Kanung. Sabab ngrumangsani nggone dadi Dhatu-Agung ning negara
Rananggana kuwi saka dhukungane kekwatane wong-wong Kanung kang uga isih
Wangsane dhewe. Mula wujude Pamujan utawa Pura-purane negara Rananggana
kuwi ora niru cakrik Hindhu Chola utawa Hindhu Dieng, dheweke nggawe Pamujan

Lembu-Nandhi ndepok ning Altar nglambangake Kekwatane Rakyate, sarta Lingga-
Yoni wujud Lumpang-Alu gedhe banget, nglambangake: Hang Anggana Dhatu

Agung kang mundhi-bekti Sembok/Semake sarta Dhanhyang Leluhure. (Dununge
Sanggar-pamujan kuwi saiki dadi desa Demangan, kakilung gendhong-gendhong
Pabrik Rokok).
Saterue nuli nggawe Pamujan Merudhandha-Agung (Saiki isih wujud Menara Kudus
cedhak mesjid Kudus-kulon). Merudhandha kuwi nglambangake ke-Agungane
negara Rananggana; puncak tengahe Merudhandha didokoki Oncor-prunggu ana
pahatane gambar Manyura ngingel, oncore tumumpang ajug-ajug (=Tajug) emas,
rina wengi tansah murub nganggo lenga klentik-klapa; dijaga/dirawat Pendhita
Hindhu Kanung wong 4 padha ganti saben 4 jam. Oncor kuwi nglambangake
Kaluhurane lan Kawicaksanane Hang Anggana; pisungsung saudagar China krajan
Tsang Tai Tsung. Ring gisik tepine bengawan Silugangga (Juwana) para
Pambelah/Pelayar/Pelaut digawekake candhi pamujane Dewi Hwa Ruh Na recane
wujud Dewi Ratune Samodra njoget tetayungan. Saiki tilase candhi-candhi mau wis
kari wujud Pura padhang gogrog ning desa: Jatiwetan, Loramkulon, Njepang lan
Temulus.
Sarehne Rakyat Rananggana kuwi agamane Hindhu Kanung pamuja Lembu nandhi,
mula wong-wong mau padha sirik banget mbeleh sapi lan gemang mangan daginge;

nganti jaman pangwasane Shunan Tajug-Islam tutug jaman saiki isih dadi Adat-
kapercayan, tembunge: “Juuuug... juug, mangan daging sapi kuwi ora ilok

Naang/Noook!!!”. Hang Anggana seda in taun Masehi: 660, awu layone dilarung
dikelemake ning sumuran sangisor-dhasare Merudandha; ning wektu sabanjure
banyu sumur kuwi kanggo mbabtis wong kang arep dadi Pandhita kanung.
Rembesane banyu sumur kuwi njedhul tutug gompinge Kali Gelis; gomping kuwi
ditembok dhuwur dhasare digawekake jedhingan, banyune kanggo: Siraman
ngruwat-sangkalane Bocah kang wiwit demolan dibarengi Kethok-kuncung.

VII. Adege negara MEDHANG-Metaram I

In taun Masehi: 725, ana wong Kanung wegig saka Medhang-Kamulaan (Teluk Lusi
Blora) kang isih klebu trah-tedhake Dattsu Dewi Simah, asmane Hang Sanjaya.

Dheweke ngajak wong-wong Medhang Kamulaan, wong-wong Keling lan wong-
wong Rananggana, diajak bebadra nggalang Banjar papane ning bumi sawetane

Gunung Dieng, punjere Banjar dumunung ning Adireja sawetane Gunung Buthak
(Kabupaten Temanggung). Wong-wong mau ngumpul ning wong-wong Kanung
sisane panjebluge Gunung Dieng sing manggon desa-desa: Gemawang, Kemiri,

Limbangan, Boja,; wong-wong mau Agamane Hindhu-Kanung pemuja Lembu-
Nandhi lan Lingga-Yoni. Hang Sanjaya nggone nggalang banjar lan punjere kutha

dumunung ning Adireja kuwi perlune:
1. Nedya nguripake penambangan wlirang sing wis pusa kanggo pedagangan

maneh karo negara China.
2. Supaya bisa cedhak nggone ngirup Desa-desa sing biyene dadi Krerehane
Leluhur Endriya pra Astha.
Sesambungan dagang karo negara Sabrang nggunakake plabuhan Teluk-Bodri sing
ngongkang segara Jawa, nuli munggah pagenengan Singaraja, Sukareja, lan
Candhirata mbanjur tutug Adireja. Hang Sanjaya menehi jeneng negarane mau
aran: Medhang-Metriyem (Tegese: Babone saka Medhang), lawas-lawas tembung
kuwi malih luntur dadi: Medhang-Metaram.
Wong Medhang-Metaram kuwi agamane rupa-rupa:
1. Hang Sanjaya dhewe agamane Buddha-Kanung naluri saka Leluhur Keling
Bhikku Janabadra.
2. Wong-wong pinter mentereng-kutha agamane Hindhu-Chola.

3. Wong kolod pemuja Lingga-Yoni pemundhi Sembok/Semak isih agama Hindhu-
Kanung.

4. Wong Cilik Sudra-papa urip rekasa rejekine ora mingsra, ora butuh ning Agama
ora mikir swarga-neraka. Butuhe mung ngupaboga nggo nyampeti kaluwarga.
Wong Medhang-Metaram kuwi sanajan Kapercayan lan Agamane rupa-rupa,
nanging padha bisa rukun gotong-royong setya ning Negara/Praja. Nalika netepake
adege negara Medhang-Metaram lan Undhang-undhang pranatane Praja, swarane
sing menang: Wong sing ngagungake Sastra Palawa lan Taun Syaka.
Swarane wong sing ngugemi sastra lan titi taun jawa Hwuning dadi kalah, dianggep
Kolod wis ora njamani (Sanepane dianggep kaya Baya-putih sing wis tuwek-loyo).
Wusanane sastra Jawa-Purwa karangane Dattsu Agung Pucangsula Dewi Sibah,
lan taun Jawa-Hwuning karangane Dhanhyang Kie Seng Dhang malih ora
dikanggokake dadi kabur ilang. Negara Medhang-Metaram ngganti resmi ngunakake
sastra Palawa lan taun Syaka nalika taun 654 (=Tahun Masehi: 732).
Tan Syaka kuwi taun Pengetan nalika jumenenge Raja Khaniska I wangsa Kushana,

diwisuda dadi Narendra negara Chola India Kidul. Dadi dudu asli taune wong Jawa-
Purwa.

Dongeng Crita-Legendha :Pujangga Jawa nggawe crita Aji Saka (=Kabudayan
Saka) ngalahake Baya-Putih (=Kabudayan Suci Jawa-Hwuning). Matine sampyuh
perang abdi-loro Dora Sambada rebutan kerise Bendarane dikarang digawe Crita
dumadine Sastra Jawa-Legena (Jawa-anyar):
HA NA CA RA KA
DA TA SA WA LA
PA DHA JA YA NYA
MA GA BA THA NGA
SIGEG

VII. Dumadine negara LASEM

Sawise panjebluge Gunung Murya (Taun Masehi: 471), segara Teluk Kendheng
kang keblabaran blegedebane Gunung Murya lan klongsoran lemah gompinge
Pegunungan Kendheng-gamping mau, ing taun Masehi: 850, wis malih dadi
dharatan: Pamotan, Sulang, lasem, Rembang lan Juwana; wujude bumi isih katon
banthak ngilak-ilak cengkar, ning kana kene mung ana grumbul rerungkudan sarta
wit Bogor (=Tal) kang nggrembel gegrombolan. Mung sing cendhak perenge
gunung, sing isih akeh wit-witane subur ledhung-ledhung. Ing nalika jaman kuwi wis
ana wong Kanung saka desa Criwik lan Sindawaya padha mudhun bebadra mbubak
bumi nyithak tegal sawah karasan pekarangan ning bumi pagenengan sakulone
Gunung Bugel, dipangarsani wong aran: Ki Wekel. Wong-wong mau padha dadi
Tani-pokol nandur jagung-kodhok, kacang-tholo, lan tela elung; desa bubakan-mau
katelah aran desa: Tegalamba lan Karas (Karasmula, Karasgedhe, Karaskepoh).
Wong-wong liyane sing uga lunga bebadra nanging gemang bubak adoh-adoh,
mung terima padha bubak ning perenge Gunung Bugel lan Gunung Gebang sarta
lembah sakulone nggunung sing lemahe padha nyumber banyune ngembong dadi
rawa, akeh iwake kutuk lan iwak sili gedhe-gedhe; bumi kono sing didadekake desa
karan desa Sumbersili (=saiki desa: Sumbergirang, dipangarsani adhike Ki Wekel
asmane: Ki Welug, wong pinter sing akeh akale. Wong Sumbersili kuwi panggaotane
mung Tani-ngothek undhuh-undhuh woh-wohan kebon-alas utawa memet iwak
rawa; wong-wong mau nduweni kapercayaan: Titah kuwi wis duwe jadhangan
pangan nalika Tumitah-Urip; sing nandur jambu-klethuk kuwi Semut-getem
nggondhol wiji jambu kletuk didokok elenge ngisor watu. Codhot, kalong, lawa
nggondol woh-wohan pelok beton lan kebroke padha rugol thukul saenggon-enggon.

Mula ora ana carane wong tani-ngothek kuwi padha repot-repot nenandur; wit woh-
ohan rak wis padha thukul-Dhewe amrah-saenggon-enggon, iwak-iwak wis padha

bebranahan tengkar-tumengkar Dhewe. Menusa ora nandur ora ngingoni mungkari
krapa kari memet misaya masang wuwu.
Ing taun Masehi: 870, ana wong neneka saka negara Siyem, nedya bebadra
cakalbakal ning bumi pesisir kulone Gunung Argasoka, ndharate ning Sunglon
ereng-erenge Pongol pesisir mau; bareng wis mantrah desa kono mau dijenengake:
Pereng. Nggone bebadra mau dipangarsani Bhikku Agama Buddha asmane: Gam
Swi Lang, krandhah wargane padha nggalangake Sanggar lan Pasraman ning bumi
sakidule pongol pereng madhep ngulon. Wong-wong Jawa-Kanung nggone ngarani
Pasraman mau aran: Gambiran (=Saka asma: Gam Swi Lang owah aran:
Gambiran). Kakek Gam Swi Lang mulangake Agama Buddha-Kanung mundhi
ngluhurake asmane Dattsu Dewi Sibah; tumrape wong Siyem Dattsu Dewi Sibah
kuwi dianggep Maharani sing wis sarira Bodhisatva. Citrane Sang Dewi dipetha
diukir wujud reca Bodhisatva-Avalokitesvara cakrik Reca negara Keling/Keled
Bodhisatva ngagem makutha Praba-kudhup Melathi; reca didokok ning altar
saburine reca Sang Buddha. Wong Jawa-Kanung lan wong Siyem kuwi lawas-lawas
padha sambung jodhon sesilangan, ora ana sing mbedakake Trah asline utawa
Kapercayan Agamane.
Ing taun Masehi: 880, Ki Welug nyuwita Bhikku Gam Swi Lang perlu meguru Ilmu
Agama Buddha lan ilmu-ilmu liyane. Sawise bontos lan lulus sakeehing piwulang, Ki
Welug diparingi titel Pujangga lan asma Wisudhan Kapujanggan, asma: Mbo

Widyabadra. Sawise mulih nuli mulangake Ilmu-Karya ning krandhah rakyate. Sing
luwih elok wong Sumbersili mau diwulang nggawe panganan:
1. Woh Kamala dibesta gula digawe manisan.

2. Olah-olahan lawuhan: Iwak rawa sawise diresiki nuli diwadhahi klenthing disap-
sap sega-jagung lan uyah, diperem limang dina nganti bosok gandane buwadheg

arane: Bekasem (utawa: Masin). Ngolahe: Dibothok diuled karo krambil enom

parudan, digawe lawuh mangan sega-jagung jangane elung utawa kangkung kela-
asem rasane ngabelani banget.

Lebar mangan nganti ateb swarane seru: “Hwaeeeek. Aduh Semboooook segere!!!”
Nuli ngenyut manisan Kamala karo lenger-lenger lungguh lincak ora klamben
kringete gumrobyos, silir-silir angin semribit saka Gunung Bugel karo mambu
gandane kembang sangketan sengir-wangi; uripe wong Tani-ngothek Sumbersili
sing kayangono kuwi wis ngrasa girang seneng ayem. Ki Welug Widyabadra ngajak
wong Sumbersili nggawe bata gedhe-gedhe perlu digawe tembok nanggul sumberan
kang mili pating sreweh mbleberi Desa, banyune diilekake mlebu kali Semangu lan
Kemandhung mbajur ajor kali tegalamba terus mlebu rawa Narukan. Liya kuwi
wong-wong mau diwulang dadi Kundhi nggawe grabah-lemah, jothoke karan:
Kundhen. Uga diwulang dadi Pandhe jothoke karan: Pandheyan.
Wong-wong wadon Kundhen diwulang nggawe Ampo-lempeng, lemahe ngapek
saka gompeng Palwadhak sing ana lempunge kete-kuning yen wis dadi Ampo
rasane rada gurih. Wondene wong-wong Tani-pokol Tegalamba diwulang nandur
pari sing tanpa mbutuhake diembong banyu, bibite saka sumbangane wong-wong
Siyem arane pari Gaga-rancah, dadine beras aran: Krotog. (Aja diucapake muni:
Gogo dipangan kebo loro!! Benere diucapake muni pari Gaga, sing nandur wong
tegalamba lan wong Karasmula, ditandur kulone desa).
Adege banjar Karanggan dadi Kutha LASEM
Wong Kanung Tani-ngothek lan Tani-pokol dipimpin Mpu Widyabadra kuwi padha
guyub lan seneng banget, dheweke nuli diangkat dadi Rangga (=Pemimpin Karya)
sarta pindhah nggawe panggonan karan banjar: Ke-ranggan = Kranggan. Ora lawas
banjar Kranggan kuwi malih reja kaya kutha, mbanjur dijenengake, kutha Lasem.
Ngapek aran saka tembung: Kama-la lan Beka-sem. Nalika ditetepake dadi kutha
Lasem ing masa Bedhidhing taun Masehi: 21 Juni 882 kanthi pahargyan gedhen.
Mpu Widyabadra nggawe pengetan Candrasengkala Taun Syaka: 804 = (Akarya: 4,
kombuling: 0, manggala; : Akarya kombuling manggala.

Sasedane Mpu Widyabadra (Ki Rangga) ing taun Masehi: 920, kutha Lasem-
Argasoka suwene nganti 425 taun tutug pangwasane Mpu Metthabadra ing taun

Masehi: 1345, ora ana dahuru lan sambekala. Negara Lasem kuwi bumine cengkar
uripe Rakyate kontit-kawuri banget katimbang karo Rakyate negara-negara gedhe
Gunung Kidul (Mataram-Parambwana, Daha, Kedhiri, Singasari); nanging pikire
wong Lasem kuwi padha ayem-mlekedhem sabar-darana. Mulane negara-negara
gedhe mau ora ana sing sudi nglajak utawa njajah. Lagi wiwit jaman Pangwasane
Prabu Ayam-Wuruk Majapait, birawane Patih Arya Gajah bandhol-perang Panglima
Angkatan Laut Majapait wong saka desa Mada (salore Kecamatan Plosso,
Kabupaten Jombang); Akuwu Lasem Mpu Metthabadra ditelukake, pemrentahan

Lasem digingsir digantekake Wakile yakuwi Dhampuawang Pr. Rajasawardhana
kaipe Prabu Ayam-Wuruk.
Adege Kraton LASEM Dewi Indu-Purnamawulan
Prabu Ayam-Wuruk tindak Lasem karo rayi nak-dulur misan Dewi Indu
Purnamawulan garwa Pr. Rajasawardhana. Dewi Indu diwisudha dadi Prabu-putri
Lasem; ing nalika taun Masehi: 1351, manggon Puri Kriyan (Tilase saiki dadi Wisma
Yatim Piatu Jl. Raya Lasem) Kaendahane lan Tataraharjane kutha Lasem kecathet
ning buku Sabda Badra-Santi dening Mpu Santibadra.
Kraton Majapait ambruk
Jamane Sri Kertabhumi (Kertawijaya) ratu Majapait, kaluhurane nanendra wis malih
surem, awit para Penggedhe nayaka-praja wis padha mangro-tingal ora bekti ning
Narendra; pikire ora setya ning Praja:
1. Padha slingkuh ngenthu-enthu donya-rajabrana.
2. Wis ganti ngidhep ing Gusti ning Agama liya, ora ngidhep Agamane negara
Majapait.
3. Penggedhe-penggedhe pesisir lor wilayahe Majapit wis padha mbalela, malih
ganti bekti ning Shunan Seh maulana Maghribi.
4. Uripe Kawula rakyat majapait wis klendran ora kopen, bumi alas lan bengawan
Brantas diebrakake Penggedhe; bregat-bregat dutebangi kanggo mbangun dalem
brenggi.
5. Sri Kertabumi dimusuhi Girindrawardhana Adipati Kedhiri rebutan waris kuwasa
Tedhak Leluhur Kedhiri. Girindrawardhana gemang dikwasani Sri Kertabumi
Majapait, wekasane thukul daruru pembrontakan ning Kutha Majapait.
Negara Majapait diprawasa kedhiri, dipit karo negara Pesisir kang musat ning
Kashunanan Gresik. Negara Majapahait rontog rusak korat-karit sirna ing taun
Syaka: 1400, di Candrasengkala: (Sirna: 0, wuk: 0, kertaning: 4, bumi: 1) = Taun
Masehi 1478.
Nalika geger pembrontakan kuwi ana Mpu Guru asmane Pr. Santibadra, pujangga

Seni Budaya Majapait pangkat: Tumenggung ing Wilwatikta; ditawan Penggedhe-
pembrontak Majapait, nanging Mpu Guru bisa lolos kondur ning Lasem karo abdine

telu. (Kacritakake ning buku Sabda Badra-Santi). Satekane Lasem kojur, awit kutha
Lasem wis dadi negara Islam dikwasani Adipati-putri Maulani Malokhah, kang isih
kapernah putra mantu-ponakan dhewe. Eyang Pr. Mbu Guru trima ngalah lumengser
dadi Sramana mertapa ning Gunung Tapa’an-Ngargasoka, ngiras mulangake Ilmu
Endriya pra Astha ning para Pendhita-pendhita Kanung Ngargapura Lasem, sarta
ngarang Pustaka Sabda Badra-Santi (Begja-Rahayu).

Nggone dadi Sramana ning kono tutug sepuh seda ing taun Masehi: 1527, awu-
layone dikubur ning pundhen Tapa’an kono nunggal sakluwat kumpul karo awu-
layone para Dhanhyang leluhur Agung Ngargapura Lasem, yakuwi:

1. Eyang Kie Seng Dhang Dhatu Tanjungputri, seda ing taun Jawa-Hwuning: 30
(=200 taun sadurunge Taun Masehi). Sing dikubur ning kono mung Reliqe, dudu
awu-layone.
2. Eyang Hang Sambadra Dhatu Pucangsula, seda ing taun Masehi: 425.

3. Eyang Dewi Si Ba Ha (Dewi Sibah) Dattsu Pucangsula, seda ing taun Masehi:
445.
4. Eyang Rangga Widyabadra, Mpu sing cakalbakal kutha Lasem; seda ing taun
Masehi: 920.
Mula ning Pundhen Gunung Tapa’an kuwi sejatine ana kubur awu-layone leluhur
Agung lima. Asmane sing nonjol-kaloka mung Eyang Mpu Guru Pr. Santibadra,
sabab Eyang Mpu Guru wis ninggali Karangan Sloka wasita Adiluhung Pustaka
Sabda Badra-Santi minangka gegaran kanggo Ulah Kautaman tumuju ning kabegjan
lan Karahayon.
Nganti wektu-siki Pundhen Gunung Tapa’an kuwi isih wujud Pundhen kang mung
dicungkup sarwa prasaja-banget, mung nganggo pager bethek-kayu tanpa omah
pangauban udan/panas kanggo para Petirakat Tuguran/Nyekar kang padha rawuh
sumewa ning kono. Pangestine Wong-wong nggunung kono kang padha mbesiki lan
memundhi Pundhen Leluhur Ngargapura kuwi padha ngantu-antu.
"Muga-muga enggal anaa Priyagung/Wiryawan/Dhanawan padha kesdu
mangastuti mbangun omah Pangauban sarta nggawekake dalan tumuju
munggah ning laladan Pundhen Tapa’an kono, supaya ing tembe ndadekake
regeng-rejane Desa kono dadi papan Pariwisata; wong desa Ngasinan mbanjur
bisa bukak-dhasar nggawe warung jajanan, panganan lan omben-omben
kanggo nglayani para Wisata kang mbutuhake isen-isen "
Dhek jaman kuna, suwargi kakek Kanung R. Panji Karsono ing Kemendhung Laem,
sok masitani krabat-kadange Wong-wong Gunung Ngarga; kanthi dikidungake:
“Mangastuti uggyaning Ibu-pertiwi, sukalila mbangun Taman-Argasoka; Nagri: Jladri
ardi wana khudup-mlathi.”
Dhek biyen dhek isih jaman penjajahan Landa, akeh wong-wong Tuwa sing apal
rengeng-rengeng nembangake Slokane Mbah Panji sing aneh ngono kuwi, nanging
wong-wong mau ora ngreti jluntrunge lan tegese Warsitane kidung kuwi. Yen ana
wong sing wani takon ning Mbah Buyut Kanung, jawabe iya mung sarwa pralampita:
“Mbesuk nggeeeer! Yen wong Jawa wis akeh sing padha ra i ketan, wis kemba
Mangan-jali ning wong Tuwa; para-putri ora risi nganggo kathok-cekak sa-nduwure
cingklok. Para priyayi dines-resmi kathokan landhung ngagem pici, katon bregas
miyatani. Lha ing kono titi-wancine para Janma kang Luber-arta luhur-budi, pada
memetri mbanun Pudhen-suci kapetha Candhi. Buyut dhewe iki wis ora menangi
jaman kuwi!!!!”

TAMAT

Tambahan Keterangan :
Taun Sejarah diganti taun Masehi, kanggo nggampakake pamikire para Sutresna
Sejarah.
Negara Pucangsula, Medhang-Kamulaan, Keling, Rananggana, isih nggunakake
Taun Jawa Hwuning lan Sastra Jawa-Purwa.
Negara Medhang-Mataram I, lan Mataram II (Parambwana), wis nggunakake sastra
Palawa lan taun Syaka.
Negara Medhang-Mataram I,. Kedhiri, Majapait, Lasem, nggunakake Taun-Syaka
- See more at: http://www.joyodrono.tk/2011/07/asal-usule-wong-jowo.html#!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar